Tembang macapat

Darmawasita, Pigeaud, 1953, #1395

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Darmawasita, Pigeaud, 1953, #1395

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 3
1 dari 5
1–10 dari 42
1. Dhandhanggula
1.01 mrih sarkara pamardining siwi | winursita dènira manitra | nujwari Salasa Wage | tri wêlas sasi Mulud | kasanga Dal sangkalèng warsi | winêling anêngaa | sariranta iku |[1][2] mring iki wasitaningwang | marang sira putrèngsun jalu lan èstri | muga padha ngèstokna [3: 90] ||
1.02 rèhne sira wus diwasa sami | sumurupa lakoning agêsang | sun tuturi kamulane | manungsa èstri jalu | pêpantaran dènnya dumadi | nèng donya nut agama | jalu èstri dhaup | măngka kanthining agêsang | lawan kinèn marsudi dawakkên wiji | ginawan budidaya ||
1.03 yeka măngka srananing dumadi | tumanduke marang saniskara | manungsa apa kajate | sinêmbadan sakayun | yèn dumunung mring wolung warni | ingaran asthagina | iku têgêsipun | wolung pedah tumrapira | marang janma margane mrih sandhang bukti | kang dhingin winicara [3: 91] ||
1.04 panggaotan gêlaring pambudi | warna-warna sakaconggahira | nut ing jaman kalakone | rigên ping kalihipun | dadi pamrih marang pakolih | katri gêmi garapnya | margane mrih cukup | papat nastiti papriksa | iku dadi margane wêruh ing pasthi | lima wruh etung ika ||
1.05 watêk adoh mring butuh saari | kaping nênêm tabêri têtanya | ngundhakkên marang kawruhe | ping pitu nyêgah kayun | pêpenginan kang tanpa kardi | tan boros marang arta | sugih watêkipun | ping wolu nêmên ing sêja | watêkira sarwa glis ingkang kinapti | yèn bisa kang mangkana [3: 92] ||
1.06 angêdohkên durtaning kang ati | anyêdhakkên rahayuning badan | dèn andêl mring sêsamane | lan malih wêkas ingsun | aja tuman utang lan silih | anyudakkên darajat | camah wêkasipun | kasoran prabawanira | mring kang potang lawan kang sira silihi | nyatane angrêrêpa ||
1.07 luwih lara-laraning kang ati | ora kaya wong tininggal arta | kang wus ilang piandêle | lipure mung yèn turu | lamun tangi sungkawa malih | yaiku ukumira | wong nglirwakkên tuduh | ingkang aran budidaya | têmah papa asor dènira dumadi | tan amor lan sêsama [3: 93] ||
1.08 kaduwunge saya angranuhi | sanalika kadi suduk jiwa | èngêt mring kaluputane | yèn kêna putraningsun | aja kadi kang wus winuni | dupèh wus darbe sira | panci pancèn cukup | bêcik linawan gaota | kang supaya kayumananing dumadi | manulak mring sangsaya ||
1.09 rambah malih warsitaning siwi | kawikana patraping agêsang | kang kanggo ing salawase | manising netya luruh | angêdohkên mring salah tampi | wong kang trapsilèng tata | tan agawe rêngu | wicara lus kang mardawa | iku datan kasêndhu marang sêsami | wong kang rumakêt ika [3: 94] ||
1.10 karya rêsêp mring rewange linggih | wong kang manut mring caraning băngsa | watêk jêmbar pasabane | wong andhap asor iku | yêkti olèh panganggêp bêcik | wong mênêng iku nyata | nèng jaban pakewuh | wong prasaja solahira | iku ora gawe ewa kang ningali | wong nganggo têpanira ||
1 dari 5

 


§ Taun Jawi 1807, taun Walandi 1878, wulan Marêt. (kembali)
Tanggal: Salasa (Slasa) Wage tri wêlas (13) Mulud Dal: winêling anêngaa sariranta iku (AJ 1807). Tanggal Masehi: Selasa 19 Maret 1878. (kembali)