Tembang macapat

Wedhatama, Pigeaud, 1953, #1399

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wedhatama, Pigeaud, 1953, #1399

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 5
1 dari 10
1–10 dari 100
1. Pangkur
1.01 mingkar-mingkur ing angkara | akarana karênan mardisiwi | sinawung rêsmining kidung | sinuba sinukarta | mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung | kang tumrap nèng Tanah Jawa | agama agêming aji ||
1.02 jinêjêr nèng Wedhatama | mrih tan kêmba kêmbênganing pambudi | măngka nadyan tuwa pikun | yèn tan mikani rasa [3: 109] | yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun | samangsane pakumpulan | gonyak-ganyuk nglêlingsêmi ||
1.03 gugu karsane priyăngga | nora nganggo pêparah lamun angling | lumuh ingaran balilu | ugêr guru alêman | nanging janma ingkang wus waspadèng sêmu | sinamun ing samudana | sêsadon ingadu manis ||
1.04 si pêngung nora nglêgewa | sang sayarda dènira cêcariwis | ngandhar-andhar angêndhukur | kandhane nora kaprah | saya elok alongka longkanganipun | si wasis waskitha ngalah | ngalingi marang si pingging ||
1.05 mangkono ngèlmu kang nyata | sanyatane mung wèh rêsêping ati | bungah ingaranan cubluk [3: 110] | sukèng tyas yèn dèn ina | nora kaya si punggung anggung gumunggung | ugungan sadina-dina | aja mangkono wong urip ||
1.06 uripe sapisan rusak | nora mulur nalare ting saluwir | kadi ta guwa kang sirung | sinêrang ing maruta | gumarênggêng anggêrêng anggung gumrunggung | pindha padhane si mudha | prandene paksa kumaki ||
1.07 kikisane mung sapala | palayune ngandêlkên yayah wibi | bangkit tur bangsaning luhur | lah iya ingkang rama | balik sira sarawungan bae durung | mring atining tatakrama | gon-anggon agama suci ||
1.08 socaning jiwangganira | jêr katara lamun pocapan pasthi [3: 111] | lumuh kasor kudu unggul | sumêngah sêsongaran | yèn mangkono kêna ingaran katungkul | karêm ing rèh kaprawiran | nora enak iku kaki ||
1.09 kêkêrane ngèlmu karang | kêkarangan saking bangsaning gaib | iku borèh paminipun | tan rumasuk ing jasad | amung anèng sajabaning daging kulup | yèn kapêngkok păncabaya | ubayane balenjani ||
1.10 marma ing sabisa-bisa | bêbasane muriha tyas basuki | puruitaa kang patut | lan traping angganira | ana uga anggêr ugêring kaprabun | abon-aboning panêmbah | kang kambah ing siyang ratri ||
1 dari 10