Tembang macapat

Sêrat-sêrat Ibêr mawi Sêkar Macapat, Pigeaud, 1953, #1400

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sêrat-sêrat Ibêr mawi Sêkar Macapat, Pigeaud, 1953, #1400

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 17
1 dari 16
1–10 dari 153
1. Sêrat Ibêr dhumatêng Ngabèi Păncatoya
1. Sinom
01.01 pèngêt iki layang ingwang | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Prabu Prangwadana | kaping pat ingkang mandhiri | litnan kolnèl pinuji | kumêndhanirèng lesiyun | ing praja Surakarta | praptaa marang sirèki | bocah ingsun Si Ngabèi Păncatoya ||
01.02 Kaliwon Pulisi Pajang | kang lagi anambut kardi [3: 144] | anèng desa Ngadipira | lire layang ingsun iki | bêbuka wèh udani | nalika ing Ngahad esuk | ingsun lawan jêng tuwan | residhèn duk amirsani | pakaryanta kang lagi patbêlas dina ||
01.03 wus kapara kèh kang dadya | jêng tuwan rêna ningali | tuwin panjênêngan ingwang | tan pae suka mangaksi | nanging kurang sathithik | garoboh panggarapipun | undhak-undhakanira | ora turut kurang radin | jêrokêna mrih tuntas ilining toya ||
01.04 karo dene wêkas ingwang | aja sira angêntèni | têkane bocah anginan | mundhak anyênyuwe kardi [3: 145] | tandangana pribadi | saanane bocah ingsun | aja wêdi kangelan | nulada bapa lan kaki | karo padha wèh labêt mring gustinira ||
01.05 sira sun kudanga bisa | anglêluri bapa kaki | dulunên Dèn Mas Sudibya | Sunita karone sami | kanyataan sayêkti | kramate para luhurmu | marma sira èngêta | ala bêbakal pribadi | bêcik sira dumulura yogya brata ||
01.06 kajaba kang wus winahya | abarêng lan layang iki | ingsun pêparing mring sira | sawiji sanjata buwis | aran guna sayèki | pangruwating satru mungsuh [3: 146] | yogya karyanên kănta | turuna sutanta benjing | tampanana kalawan sukaning driya ||
01.07 wasanane nora liya | iya mung pangèstu mami | mring sira sakancanira | dêmang răngga lan ngabèi | kang padha nambut kardi | kabèh bocah ingsun dhusun | muga ta raharjaa | enggala rampunging kardi | lêstaria aja ana kara-kara ||
01.08 titi kang têmbang sri nata | cinitrèng Salasa ari | wolu likur ingkang tanggal | ing măngsa kalima akir | sungsang Sapar kang sasi | taun Wawu ăngka sèwu | pitung atus kalawan | wolung puluh lima tuwin [3: 147] | rêbut sênêng păncastha suwaraning rat [3: [148]] |[1][2]|
2. Sêrat Ibêr dhumatêng Radèn Mas Ariya Jayaningrat
2. Sinom
02.01 pèngêt iki layang ingwang | Jêng Gusti Pangran Dipati | Ariya Mangkunagara | kaping pat ingkang mandhiri | kolnèl kang ngumêndhani | ing wadyaningsun lesiyun | praptaa marang sira | graning prawira inpantri | ariningsun Mayor Arya Jayaningrat ||
02.02 liring layang jênêng ingwang | nglairkên sukaning galih [3: 149] | akawit sira sun karya | kumêndhanirèng Kumpêni | saprene sun yaktèni | akèh kaundhakanipun | para atmajaningwang | myang kadang kadeyan mami | ingkang dadya upsir karèh dening sira ||
1 dari 16

 


§ Taun Jawi 1785, taun Walandi 1856, wulan Sèptèmbêr [sic]. (kembali)
Tanggal: Salasa (Slasa) wolu likur (28) Sapar Wawu: păncastha suwaraning rat (AJ 1785). Tanggal Masehi: Selasa 28 Oktober 1856. (kembali)