Tembang macapat

Tripama, Pigeaud, 1953, #1403

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Tripama, Pigeaud, 1953, #1403

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 1
1–7 dari 7
1. Dhandhanggula
1.1 yogyanira kang para prajurit | lamun bisa sami anulada | kadya nguni caritane | andêlira Sang Prabu | Sasrabau ing Maèspati | aran Patih Suwănda | lêlabuhanipun | kang ginêlung tri prakara | guna kaya puruning kang dèn antêpi | nuhoni trah utama ||
1.2 lire lêlabuhan tri prakawis [4: 4] | guna bisa saniskarèng karya | binudi dadi unggule | kaya sayêktinipun | duk bantu prang Manggada nagri | amboyong putri dhomas | katur ratunipun | purune sampun têtela | aprang tandhing lan ditya Ngalêngka aji | Suwănda mati ngrana ||
1.3 wontên malih tuladan prayogi | satriyagung nagari Ngalêngka | Sang Kumbakarna namane | tur iku warna diyu | suprandene gayuh utami | duk awit prang Ngalêngka | dènnya darbe atur | mring raka amrih raharja | Dasamuka tan keguh ing atur yêkti | de mung mungsuh wanara ||
1.4 Kumbakarna kinèn mangsah jurit [4: 5] | mring kang raka sira tan lênggana | nglungguhi kasatriyane | ing tekad datan purun | amung cipta labuh nagari | lan nolih yayah rena | myang lêluhuripun | wus mukti anèng Ngalêngka | mangke arsa rinusak ing bala kapi | punagi mati ngrana ||
1.5 yogya malih kinarya palupi | Suryaputra Narpati Ngawăngga | lan Pandhawa tur kadange | lèn yayah tunggil ibu | suwita mring Sri Kurupati | anèng nagri Ngastina | kinarya gul-agul | manggala golonganing prang | bratayuda ingadêgên senapati | ngalaga ing Korawa ||
1.6 minungsuhkên kadange pribadi [4: 6] | aprang tandhing lan Sang Dananjaya | Sri Karna suka manahe | dene sira pikantuk | marga dènnya arsa malês sih- | ira Sang Duryudana | marmanta kalangkung | dènnya ngêtog kasudiran | aprang rame Karna mati jinêmparing | sumbaga wirotama ||
1.7 katri măngka sudarsanèng Jawi | pantês lamun sagung pra prawira | amirita sakadare | ing lêlabuhanipun | aja kongsi buwang palupi | manawa tibèng nistha | ina èsthinipun | sanadyan tekadi[1] buta | tan prabeda budi panduming dumadi | marsudi ing kotaman ||

 


tekading (kembali)