Tembang macapat

Yogatama, Pigeaud, 1953, #1404

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Yogatama, Pigeaud, 1953, #1404

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 2
1 dari 2
1–10 dari 11
1. Dhandhanggula
1.1 sintên ingkang bayunipun sami | kadunungan darahing Mataram | kang tan kamomoran ing lèn | kang manahipun tuhu | sangêt asih dhatêng nagari | myang dahat asih marang | panjênêngan ratu | angrêpia kados kula | condhong karsa lan kula anunggil budi | myang cipta tanpa taha ||
1.2 angrêpia ing kidung puniki [4: 8] | pasamuwanira pra satriya | Hyang Suksma dadya parênge | mawantu nugraha gung | sumarambah katur nagari | myang katur ing narendra | ing kamulyanipun | wit dènnya rumêksèng jana | kang winêngku tan kandhêg pinrah[1] basuki | marma wajib pinudya ||
1.3 ya Allahu Tuwan Maha Sukci | mugi-mugi Tuwan ngayomana | sampun pêgat pangrêksane | mring siti sunung[2] ulun | gêsang tuwin panggenan mami | kala lare kawula | miwah dunungipun | badhe antaka kawula | sumawana ing jasad ulun samangkin | taksih nglindhung ing Tuwan ||
1.4 amba nuwun kamirahan Widdhi [4: 9] | saha sangêt gêtêring wardaya | lêstantuna salamine | nagri klairan ulun | winêdalna jawining wèsthi | tuwin lêstantunira | panjênêngan ratu | dènnya umadêg kalipah | kang minăngka wakiling Hyang Maha Sukci | rumaksèng nuswa Jawa ||
2. Kinanthi
2.1 sintên ingkang bayunipun | kanggènan darah Matawis | tumêrah mring Surakarta | ingkang manahipun yêkti | sangêt asih dhatêng praja | myang asih ing narapati ||
2.2 angrêpia kados ulun | condhong karsa nunggil budi | myang cipta datanpa taha [4: 10] | yèn ngrêpi kidung puniki | pasamuaning satriya | dadya parênging Hyang Widdhi ||
2.3 winantu nugraha agung | sumarambah dhatêng nagri | miwah katur ing narendra | ing kamulyan kang nampèni | wit dènnya rumêksèng praja | tan kandhêg pinrih basuki ||
2.4 ya Allah Kang Maha Agung | mugi Tuwan angayomi | sampun pêgat dènnya ngrêksa | mring siti ing dunung mami | gêsang myang panggenan amba | kala kula taksih alit ||
2.5 miwah malih dunungipun | badhe patyastana mami | sumawana jasad kula | tansah manglindhung ing Widdhi | singlara ing rèh druhaka [4: 11] | dirga atmaning dumadi ||
2.6 lawan amba anênuwun | ing kamirahaning Widdhi | saha sêkunging wardaya | lêstantuna ing salami | nagri kalairan amba | winêdalna ing pawèsthi ||
1 dari 2

 


pinrih (kembali)
dunung (kembali)