Tembang macapat

Pariminta, Pigeaud, 1953, #1405

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Pariminta, Pigeaud, 1953, #1405

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 2
1–10 dari 11
1. Pocung
1.01 mêndêm pocung wong anom tan mangan wuruk | waru jêne ngarga | jinada kang sabèng kawis | anêmaha dadi bajingan nèng praja ||
1.02 manggung dadya buron saparanipun |[1] sêkaring kintaka | tunjung bang kang gagang nginggil | yèn kacandhak rinante nèng tanah sabrang ||
1.03 pae lawan kasêngsêm manut pitutur | satriya Singgêla | dhukut arum sanèng ardi [4: 13] | yèn wis bisa sinêbut janma sujana ||
1.04 bisa karya lêgane wong tuwanipun | gambir bang ngrêmbaka | kalabang markatèng ratri | sukarêna mêmuji jroning wardaya ||
1.05 lêstaria rahayu salaminipun | pamanguning jala | prabusèt kang sêkar putih | ngayomana marang kadang warganira ||
1.06 kang mêngkono kabul ing panêdhanipun | pêpatih Mandura | wrêksa lajêring padhati | awibawa katêkan barang sinêdya ||
1.07 aja nyipta sumêngah lawan têkabur | tambanging turăngga | punggawa Sri Bămapati | kalis marang ing wahyu lawan nugraha ||
1.08 têmahipun barang kang sinêdya luput | we wijil sing arga[2] | pandhita Ngendrakilardi [4: 14] | dipun èngêt kang dadi bekaning raga ||
1.09 sayêktine gayuh tuna nyandhak luput | pamronggoling wrêksa | pêdhut samar ing pratiwi | ywa nênutuh ngamun-amun mring wong tuwa ||
1.10 nora wurung cilaka sajêge umur | garwa Sang Wisrawa | sêkar braja kang kinawi | kèsi-èsi nora amor lan sêsama ||
1 dari 2

 


Kurang satu suku kata: manggung dadya buron ing saparanipun. (kembali)
raga. (kembali)