Tembang macapat

Pariwara, Pigeaud, 1953, #1407

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Pariwara, Pigeaud, 1953, #1407

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 2
1–10 dari 14
1. Sinom
1.01 kiswa tumangkuling[1] karna | sangsara kang tanpa bukti | sinom têmbanging wilapa | wisma pataraning aji | wangsalan pinarsudi | rema tumambanging[2] gêlung | lêlungsèn wudhar karsa | ulu gêng kang pindha warni | kuwakungên nèng wisma têmah mangripta [4: 23] ||
1.02 jaman brama marcapada | siswaning para maharsi | kang pinurwa ing wasita | andaka nêdhêng birai | wit pangunguning ati | gambaring dhalang amanggung | lakone wong ngawula | pupus roban janma nangkil | wus sinêbut ana ing layang sewaka ||
1.03 nuswa sakilèning Jawa | panênggah[3] putri Kadhiri | linimbang kinira-kira | gathita têbêring wanci | lan jaman măngsa iki | cêpaka kang kudhup arum | kênane linakonan | pêpothèt ing pusêr bumi | marmanira binudi lan ingupaya [4: 24] ||
1.04 krama pamoring sasana | pêpatih ing Batuwarni | dene tunggal sanagara | ampilan kaprabon aji | carane rupa katri | jambe wana tăndha pandung | kang siji cinarita | klalaring wrêksa binasmi | wong ngawula tan kewran ngupaya marga ||
1.05 kukila gêng măngsa sarpa | wuragil Wisrawa rêgsi | kang bodho tuwin kang bisa | satriya Galagahwangi | wus pinatah pribadi | paku wrêksa ing wismagung | têdha anuting karya | pataran munggah ing panti | sabên dina pinardi mundhaking wignya ||
1.06 bêndha ijo munggèng karang | juluking Yudhisthira ji [4: 25] | yèn ana kang luwih guna | sawolit amadha warni | jinunjung ingkang linggih | bubur usadaning rapu | sinuba piniara | gudhe pandhak janma milim | nora ketang sanadyan têdhaking papa ||
1.07 sarana pangolah kisma | pandayaning wong anulis | lakune kalamun ana | pintoning kancana basmi | wadya ingkang tinuding | bênguk têgal gagang pantun | prakara miwah aprang | wana pambuwangan janmi | manawana kang mati jroning ayahan ||
1.08 wilada ijo kang warna | siti rêngka măngsa katri | kinundhanging êla-êla | Sulastri sasanèng ardi [4: 26] | minule linaluri | tawing wastra kang pinanggung | saliring pakaryanta | pamurak mina jaladri | winalêran pranata titining karya ||
1.09 pradăngga rinêgêm asta | bikang gêng pinănca-warni | saanak sarabinira | ancala Kiskêndha margi | rinêgsa lan pinanci | kawis pita kêlir pintu | aja kang mati ngrana | pustaka wêwaton nagri | mung anggêre alawas pangabdinira ||
1.10 prakêmpa pangrurah palwa | bêndha karang saupami | samya rêbut kaluwihan | prajane Salya Narpati | kang măndraguna sami | tahên prêgta ing wana gung [4: 27] | tuwin kang wicaksana | gatha tirta pinasagi | apadene kang ulah arjaning praja ||
1 dari 2

 


§ tumêlung [tumêlunging]. (kembali)
§ tumangsul = nangsuli. (kembali)
§ nama. (kembali)