Tembang macapat

Murid, Pigeaud, 1953, #1416

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Murid, Pigeaud, 1953, #1416

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 1
1–9 dari 9
1. Kinanthi
1.1 dhuh siswa sumitraningsun | marma sira sun suruhi | prapta anèng ngarsaningwang | purwèng sun ngrungu pawarti | lamun sira wus linilan | tilik mring prajanta sami ||
1.2 rèhning panjênêngan ingsun | rumasa sira bantoni | pamulanging siswaningwang | kang tansah gilir gumanti [4: 96] | sakancanira sogata | kang wus têbdèng[1] pamarsudi ||
1.3 awit saking pakonipun | wantyanta Sang Maha Muni | graning pawiyatèng Jawa | ing Surakarta Nagari | Dr. Palmers[2] kasumbaga | Van den Broek[3] ingkang wêwangi ||
1.4 ing mêngko ta jênêng ingsun | nglairkên sukaning galih | myang dahat panrimaningwang | mring wantyanta Sang Ayogi | tuwin marang sira padha | kang wus bantu wèh waradi ||
1.5 saking rênane tyasisun[4] | sumapala amaringi | lêlangên mring sira padha | têmbang tinumrapkên gêndhing | sanadyan kurang prayoga | mung minăngka tandhaning sih [4: 97] ||
1.6 nihanta kang wus tinutur | ingsun aparing basuki | ing marga mring sira samya | pra siswa ingkang umulih | mring prajanta sowang-sowang | aywana sangsayèng margi ||
1.7 amung ta pamujiningsun | sapraptanira ing panti | panggih lawan yayah rena | myang kadang warganta sami | suka rêna tur raharja | praptaning wêwangên nuli ||
1.8 ywa wiyang enggala wangsul | dèn ngrasa sira antuk sih | mring Jêng Gupêrmèn Nèdêrlan | kang asung marganing bukti | tuwin marganing kamulyan | èstokna pitutur mami ||
1.9 titi panêmbramèng kidung | cinitrèng Anggara ari [4: 98] | limalas ingkang candrama | ing sasi Rabingulakir | taun Je sangkalanira | mangkat lunga ngèsthi siwi ||[5][6]

 


lêbdèng. (kembali)
Nama "Dr. Palmers" ditulis dengan huruf Latin. (kembali)
Nama "Van den Broek" ditulis dengan huruf Latin. (kembali)
tyas ingsun. (kembali)
§ Ăngka warsa Jawi: 1800. Masèi surya 3 Agustus 1871. (kembali)
Tanggal: Anggara (Slasa) limalas (15) Rabingulakir Je: mangkat lunga ngèsthi siwi (AJ 1800). Tanggal Masehi: Selasa 4 Juli 1871. Tahun AJ 1800 jatuh pada tahun Be dan bukan Je. Konversi tanggal Jawa di catatan kaki di atas (3 Agustus) tampaknya salah. (kembali)