Tembang macapat

Sêrat Ibêr dhumatêng K. P. A. Surya Sasraningrat, Pigeaud, 1953, #1421

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sêrat Ibêr dhumatêng K. P. A. Surya Sasraningrat, Pigeaud, 1953, #1421

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 2
1–10 dari 11
1. Căndrawilasita
1.01 bayu patra patrape ngêgungkên krama | sêrat sarta ingkang taklim sanityasa | rema seta narendra pratiwi putra | wantu-wantu tan pêgat saking kang raka ||
1.02 sotya karna arane windu pangarsa | kangjêng gusti nênggih pangran adipatya | Sri Kumbina sèrène kang katri măngsa | Arya Mangkunagara kaping sakawan ||
1.03 kawi tiga wiyata pangrèh turăngga | satriyagêng ing nagari Surakarta | pala wrêddha lajêring jaro saroja | dhumatêngnya panjênênganing arinya [4: 112] ||
1.04 jarwa raka manggalane pra nayaka | kangjêng gusti sira pangran adipatya | parab Karna badhoyo panjang kang warna | Surya Sasraningrat punika kang măngka ||
1.05 sètu marga praja Sang Sri Dhasarata | tanggulanging nagari Ngayogyakarta | dupa waktra lukita tuduh sakala | sêsampuning ingkang kadya sapunika ||
1.06 wijil nata rênguning karsa sabawa | wiyosipun yayi sapêngkêr paduka | ari parta parabe Sang Hyang Berawa | kula taksih lam-lamên kala uninga ||
1.07 pêksi mendra saka layare kang palwa | kalangênan paduka tiyang kang bêksa | silih warna paguting kang paku wrêksa | ingkang mindha Karna tandhing lan Arjuna ||
1.08 perak tulya maruta măndra samodra | têmahira kapengin arsa darbea | ngumpul warga atmaja Sri Danardana | milanipun yayi mas lamun sêmbada [4: 113] ||
1.09 calon warna ing rèh namakkên sayaka | badhe pintên bingahipun manah kula | katuwana pandaya panjêrum rema | ing wusana sapêngkêring srat punika ||
1.10 arêng kisma wiku dyah nagri Jênggala | kula saha garwa putra sami arja | Sri Manggada parabe Narpati Salya | duk cinitra Soma tiga likur căndra ||
1 dari 2