Tembang macapat

Sêrat Ibêr dhumatêng K. P. A. Natabrata, Pigeaud, 1953, #1422

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sêrat Ibêr dhumatêng K. P. A. Natabrata, Pigeaud, 1953, #1422

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 3
1 dari 3
1–10 dari 25
1. Mijil
1.01 kang pustaka winêdhar ingkang sih | kinuswèng pamiyos | pangastawa pajar netyasane | sudarmanta jêng pangran dipati | kang măngka irmaning | pratiwa lesiyun ||
1.02 yogya tumraptaa siswa mami | kang sutagnya ing don | Jêng Pangran Arya Natabratane | wah Hyang Thika ingsun wèh udani | yèn sinung basuki | dera Hyang Kang Agung [4: 115] ||
1.03 benjang ari Ditya tanggal kaping | sapuluh linakon | sajroning silarêsmi[1] Ruwahe | ingsun arsa ngramakkên kêkalih | barêngan saari | dhaub bata rubuh ||
1.04 kang sasiki uga putra mami | priya ingkang anom | Dyan Mas Arya Găndasaputrane | de barênganira juga malih | prênah ari mami | putranirèng dangu ||
1.05 rama Pangeran Balatèr swargi | barêng dhaub karo | lan putrane nguni têtilare | swargi jêng kaka pangran dipati | sing pangrêmbe swami | pêparabirèku ||
1.06 Radyan Ajêng Suminah yun panggih | lan atmajaningong [4: 116] | ya Ki Arya Găndasaputrane | Radyan Ajêng Selok kang sasiki | yèku ingkang dadi | jatukramanipun ||
1.07 Radyan Mas Găndawardaya benjing | praptaning wêwangson | ijab paningkahe kang pangantèn | wayah sore jam papat marêngi | palasthaning kawin | wêktu Mahrib dhaub ||
1.08 anèng pura pakarangan mami | kang pangantèn karo | ri wusira kang mêngkono dene | sira miwah pra arinirèki | samoa ingsun prih | prapta andêdulu ||
1.09 la-êlane kang pangantèn kalih | langên ing patêmon | têkanana sukanirèng têmbe | mring sanggyaning kadang putra mami [4: 117] | sumawung rêsmining | sumrambah rum-arum ||
1.10 itih pustaka cinitrèng ari | Buda duk katonton | nujwa kaping sad wulan wimbane | warsa Wawu Isaka winarni | wisayèng udadi | sayakti tumuduh |[2][3]|
1 dari 3

 


sitarêsmi (kembali)
§ Taun Jawi 1785, taun Walandi 1857 wulan April. (kembali)
Tanggal: Buda (Rêbo) sad (6) [Ruwah] Wawu: wisayèng udadi suyakti tumuduh (AJ 1785). Tanggal Masehi: Rabu 1 April 1857. Tidak ada bulan dalam tanggal ini, tetapi tanggal enam (6) tahun AJ 1785 hanya jatuh pada bulan Ruwah. Biasanya kata "udadi" berwatak wilangan empat (4). (kembali)