Tembang macapat

Tasikmadu, Pigeaud, 1953, #1424

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Tasikmadu, Pigeaud, 1953, #1424

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 1
1–6 dari 6
1. Căndrawilasita tumrap ing gêndhing katawang Citrasari, salendro pathêt manyura
1.1 dhuh gusti ulun | nambrama tur ba |[1] suki ing padukendra |[2] myang ri jêng pramèswari | lan ugi nata | myang jêng pangran dipati | sagătranira | kang tumrah Tasikmadu ||
1.2 êntyarsa ulun | lir sarkara ngalabdi[3] | kadrêsan sêkar [4: 127] | raraping ngawiyati | sumriking gănda | sumyar amaratani | ciptanirèng tyas | nugrahagêng kang prapta ||
1.3 saksat Bathara | Sadana lan Dèwi Sri | tumurun arsa | mawèh kanowaning janmi |[4] manuksma maring | tanêm tuwuh ing bumi | dadya sarana | climènirèng dumadi ||
1.4 marmanta ulun | mahargya sri bupati | de ta malabi | manonmu arjèng janji | yekang dumunung | nèng prajanta pribadi | dèn mangastuti [4: 128] | nata sulihing suksma ||
1.5 puwara ulun | umastawèng Hyang Widdhi | pajampuwa ta | Sang Iswara sarimbit | dirganing yuswa | dinulur ing sakapti | prasidanira | mardawèng Surakarta ||
1.6 titining atur | panêmbramaniraji | Raditya ari | tri wêlas sitarêsmi | ing wulan Saban | Jimawale kang warsi | sangsaya luhur | salira sang aji |[5][6][7]|

 


Kurang dua suku kata: nambrama tur basuki. Bandingkan: Padmasusastra 1898: "nambrama tur basuki | ing padukendra" Pupuh 1.1.2-3. (kembali)
Lebih dua suku kata: ing padukendra. (kembali)
ngalabi. (kembali)
Lebih satu suku kata: wèh kanowaning janmi. (kembali)
§ Taun Jawi 1805. Masèi taun 1876, wulan Sèptèmbêr. (kembali)
Tanggal: Raditya (Ngahad) tri wêlas (13) Saban (Ruwah) Jimawal: sangsaya luhur salira sang aji (AJ 1805). Tanggal Masehi: Minggu 3 September 1876. (kembali)
Kurang satu suku kata: salirane sang aji. (kembali)