Tembang macapat

Prawira Adinagara, Pigeaud, 1953, #1425

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Prawira Adinagara, Pigeaud, 1953, #1425

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 2
1–10 dari 13
1. Căndrawilasita
1.01 pantisewa candrama tanggaping warsa | wêwangsalan sinêkarkên surarêtna | gori wrêdha panênggak Hyang Girinata | kang minăngka nambrama kang wau prapta ||
1.02 krama wrêksa jarwa araning kang praja | Kangjêng Pangran Prawira Adinagara | rasa puspa nata wimba parisuka | ing Madura ingkang saking acangkrama ||
1.03 jarwa laga sudarma Sang Hyang Nurcahya | lawan Kangjêng Pangeran Găndasiswara | parab Karna prajane Sri Basudewa | tuwin putra kêkalih saking Madura ||
1.04 purwa tanya wiku dyah nagri Jênggala | punapa ta sadaya sami raharja [4: 130] | Madrim suta puspita arum kang gănda | kula bingah sukur dene tan sangsara ||
1.05 wrêksa krêsna gawar pangiringing mina | bilih parêng mugi paringa pawarta | minta darwa krama bênduning bêndara | kadospundi gèn paduka mêmariksa ||
1.06 dhepok raja panggrenda sranduning ngrangga | pasanggrahan ingkang sami urut marga | krawu patra kang wastra panglimut nendra | gudhung-gudhang tuwin êmul sadayanya ||
1.07 langsêp seta kang curi pinggir samodra | dhukuh dhusun pakarangan palakirna | taman desa gêndul pasagi kang warna | kêbon kopi punapa sae sadaya ||
1.08 saka palwa curiga agêm wanita | tiyang dhusun punapa têntrêm gêgriya | dêlêg wrêksa ciri asmaning nawala | wit punika tăndha sumrambahing arja ||
1.09 krai gora patih jaba ing Madura | ingkang măngka sêrananira gaota [4: 131] | mulwa rêngka basa kawining nagara | karyanira kinarya anyanggi praja ||
1.10 wusing karya ancur gêdhah paku wrêksa | dados sami sarasa tumut anêdha | traju karsa nata baya kêdhung surya | saking adil mila sadaya rumêksa ||
1 dari 2