Tembang macapat

Sêrat Ibêr dhumatêng R. T. Dipakusuma, Pigeaud, 1953, #1426

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sêrat Ibêr dhumatêng R. T. Dipakusuma, Pigeaud, 1953, #1426

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 1
1–7 dari 7
1. Căndrawilasita
1.1 bayu patra jarwaning kang parikrama | sêrat sarta ingkang taklim dhatêng raka | tirta ngrêbda sèrène kêkalih măngsa | Dyan Tumênggung Dipakusuma ping tiga ||
1.2 mangku praja puspita manut ing surya | Bupatine Banyumas ing Purbalingga | gantal sata sêkar arèn kang purwaka | sêsampune ingkang kadi sapunika ||
1.3 wijil nata pandaya pangêjum kiswa | wiyosipun kang sarêng sêrat punika | ngatêr buja paluntur tumrap ing jăngga | kula kintun sangsangan rante kancana [4: 133] ||
1.4 wusing karya prajane Sri Bomantara | mung dadosa pratăndha ing trêsna kula | tanggap jarwa kêlabang ingkang markata | katampèna kalayan suka pirêna ||
1.5 wêru pindha corake wrêksa dinanda | ing wasana sapêngkêre srat punika | ari Parta prabuning wre akiskêndha | kula lawan sagarwa putra raharja ||
1.6 tapas krêsna parabe Narpati Salya | duk cinitra Soma sêlikur kang căndra | jarwa krama atmajanira Sri Karna | sasi Rabingulakir Êbe kang warsa ||
1.7 dewa murka arane kang pulas carma | kang sêngkala salira tan ngèsthi marna |[1][2] ciri warna têmbung gunêming sêsama | kang pratăndha ping catur Mangkunagara ||

 


§ Taun Jawi 1808, taun Walandi 1879, wulan April. (kembali)
Tanggal: Soma (Sênèn) sêlikur (21) Rabingulakir Êbe (Be): salira tan ngèsthi marna (AJ 1808). Tanggal Masehi: Senin 14 April 1879. (kembali)