Tembang macapat

Dhaubipun Găndasiwaya tuwin Suwiyati, Pigeaud, 1953, #1427

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Dhaubipun Găndasiwaya tuwin Suwiyati, Pigeaud, 1953, #1427

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 2
1–10 dari 11
1. Dhandhanggula
1.01 purwaning kang cinitrèng nujwari | Kêmis Kliwon ping kalih kang tanggal | Sura Karo ing mangsane | Alip ing taunipun | wiku astha manabdèng janmi |[1][2] yeka sangkalinira | kang winahyèng kidung | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Mangkunagara ingkang winilis | ping catur Surakarta [4: 135] ||
1.02 nalikarsa amiwahèng siwi | èsthi priya samya nunggil rena | lagya nêdhêng ing wancine | patut sing garwanipun | ingkang sampun seda ing nguni | nama Radèn Mas Arya | Găndasiwayèku | duk yuswa salikur warsa | ingkang rayi Radèn Ajêng Suwiyati | yuswa nêmbêlas warsa ||
1.03 karsanira kang rama jêng gusti | putra priya dhinaubkên lawan | kadang prênah misanane | putri tilaranipun | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Mangkunagara ping tiga |[3] ingkang nunggil ibu | lan Radèn Mas Suryaputra | sing ampeyan nama Radèn Ajêng Silin | yuswa wolulas warsa [4: 136] ||
1.04 kang wanodya arsantuk pasisir | Nagri Dêmak putranira Pangran | Căndranagara bajênge | kang saking garwanipun | putri nagri Bujanagari | nama Dèn Mas Prawata | nênggih yuswanipun | sawêg kalih likur warsa | cinarita kang darbe turun ing nguni | Dipati Jayèngrana ||
1.05 kang tinanêm nagri Surawèsthi | dening Kangjêng Sinuhun Mangkurat | ing Kartasura kalane | lêlana andon pupuh | ngrata nagri bang wetan nguni | mangrurah Trunajaya | nguni purwanipun | tumêrêh[4] dalah samangkya | kawimbuhan ibu trah Susunan Giri | Pangran Căndranagara [4: 137] ||
1.06 kaluhuranira wus nglabêti | duk ing Dêmak anandhang sangsara | sapraja kurang pangane | wong desa akèh lampus | marga saking kalirên sami | sawênèh tilar praja | têmahan mèh suwung | Pangeran Căndranagara | duk samana maksih nama adipati | anèng Kudus nagara ||
1.07 karsanira guprêmèn ingêlih | marang Dêmak kinèn ngayomana | pinuriha raharjane | parêng tibaning waktu | nugrahane Kang Maha Sukci | nagri Dêmak waluya | wuwuh arjanipun | yeka purwaning katrima | nama Pangran Misuwur Tanah Pasisir | kalilan songsong gilap [4: 138] ||
1.08 dadya tuladaning pra bupati | rumêsêbe mring băngsa Walănda | kakênan kabudayane | winantu tyas sumungku | mring guprêmèn prana mêmanis | manungsung ing sakarsa | măndragunèng kawruh | winêwêr tan kawadaka | mring bicara têrampil turut patitis | putus tur awêweka ||
1.09 mila mangke arsa bangun wiji | besan lawan jêng pangran dipatya | amrih campura darahe | lawan têdhak Matarum | kang ngluhuri ing nuswa Jawi | trah tumêrah narendra | kang sampun linuhung | nahênta ing gancarira | amangsuli carita purwaning nguni | Jêng Pangran Adipatya [4: 139] ||
1.10 Mangkunagara dènnya bêdhami | lan pangeran ing Dêmak wus lama | jalaran saking putrane | kala wontên sêpèktur | angidêri măncanagari | mirsa sagung tanêman | tuwin liyanipun | Tuwan pan dhê Pul kang nama | praptanira nèng Surakarta mung mampir | badhe dhatêng Pacitan ||
1 dari 2

 


§ Taun Jawi 1787, Masèi taun 1858 wulan Sèptèmbêr [sic]. (kembali)
Tanggal: Kêmis Kliwon kalih (2) Sura Alip: wiku astha manabdèng janmi (AJ 1787). Tanggal Masehi: Kamis 12 Agustus 1858. (kembali)
Lebih satu suku kata: Mangkunagara tiga. (kembali)
tumêrah. (kembali)