Tembang macapat

Ngadani Bêndungan Tambak Agung, Pigeaud, 1953, #1457

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ngadani Bêndungan Tambak Agung, Pigeaud, 1953, #1457

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 2
1–10 dari 14
1. Kinanthi
1.01 awit saking karsanipun | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Amangkunagara | ping sakawan kang piniji | mirungga ajudhanira[1] | jêng raja nagri Walandi ||
1.02 Ridêr ing Ordhê satuhu | Nèdêrlan Sêleyo nami | kolnèl myang komandhanira | lèsiyunipun pribadi | ing nagari Surakarta [2: 2] | têlênging karaton Jawi ||
1.03 bilih mangke karsanipun | yasa bêndungan banawi | wontên dhusun ing Maguwan | tanah Sêmbuyan kang nginggil |[2] supados ing toyanira | lumèbèr mring têgal sabin ||
1.04 karsa kang makatên wau | sèstu dadosakên sami | bingah myang panuwunira | abdi dalêm among tani | wit wêwah pasilanira | marakkên rèh kang basuki ||
1.05 mila ing dintên winastu | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Amangkunagara | kadhèrèkkên putra kalih | Jêng Pangran Găndasuputra | lan Găndaatmaja ari ||
1.06 nyalirani karsanipun [2: 3] | ngawiti anambut kardi | masang banoning bêndungan | kang tumrap dhasaring warih | sarta mawi kajênêngan | wakil jêng gupêrmèn kalih ||
1.07 jêng tuwan ingkang sinêbut | K.A.L.Y. Yèkêl nami | residhèn ing Surakarta | lawan kangjêng tuwan malih | Van Ordhên ing namanira | asistèn ing Wanagiri ||
1.08 lawan pra administratur | dêmang răngga lawan naib | sadaya bawah Sêmbuyan | kang supados pandamêling | bêndungan gya kalêksanan | rampung ramping mikantuki ||
1.09 makatên ing karsanipun | jêng gusti anyalirani | dados sokur bingahira [2: 4] | sagunging kang para abdi | tanah Sêmbuyan sadaya | ciptantuk barkahing Gusti ||
1.10 dèntên mangke kang tinuduh | kapitados ngundhagèni | panambute ing bêndungan | abdi dalêm Tuwan Portir | pangagêng ing Eramaka | lan Dêmang Păncajahnawi ||
1 dari 2

 


ajudanira (dan di tempat lain). (kembali)
§ Tlatah Sêmbuyan inggih punika Kabupatèn Wanagiri Mangkunagaran ingkang sisih kidul. (kembali)