Tembang macapat

Ngadani Bêndungan Tirtaswara, Pigeaud, 1953, #1458

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ngadani Bêndungan Tirtaswara, Pigeaud, 1953, #1458

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 3
1–10 dari 21
1. Sinom
1.01 ginita sêkar srinata | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Amangkunagara | ping sakawan kang piniji | ajudhan mirungganing | Nèdêrlan Jêng Sang Aprabu | Ridêr ing Ordhê măngka | Nèdêrlan Sêleyo nami | kolnèl saha komandhan lesiyunira ||
1.02 ing nagari Surakarta | têlênging karaton Jawi [2: 7] | kang cinitra ari Soma | tri wêlas kang sitarêsmi | Ruwah ing măngsa kalih | taun Dal sangkalanipun | muji mugi luhura | sariranira jêng gusti |[1][2] lêstantuna galih mring kawulanira ||
1.03 kang asring kirangan têdha | Sêmbuyan kang urut wukir |[3] margi datan antuk toya | kang kinarya têgil sabin | mangkana kangjêng gusti | emut kala taun sèwu | pitung atus kalawan | pitung dasa sirah kalih | maksih nama Nararya Găndakusuma ||
1.04 kaptin myang ajudhanira | Jêng Gusti Pangran Dipati [2: 8] | Mangkunagara ping tiga | dinuta ngatêr Walandi | Litnan Kolnèl Samawis | Tuwan Bustis namanipun | yeka komandhanira | militèr apdhèling kalih | mring Sêmbuyan dumugi watês Pacitan ||
1.05 samana sawangsulira | ing Watês kinèn ngêntosi | anèng Kakap tigang dina | tuwan badhe wangsul malih | wau dènnya ngêntosi | salêbêting tigang dalu | yèn siyang alêlana | lêlangên imbanging ardi | amariksa ingkang anèh kawistara ||
1.06 panuju sawiji dina | mulat luwêng graning ardi | gumrènjèng ing swaranira | saking pangintêning galih [2: 9] | punika èstu warih | grojogan tumibèng kêdhung | ngumandhang kapiyarsa | iline tan katon mijil | duk samana tan ginalih karyanira ||
1.07 dupi mangke Dèn Mas Arya | Găndakusuma gumanti | panjênênganing kang raka | Jêng Gusti Pangran Dipati | Mangkunagara swargi | ingkang kaping tiga wau | ugi nunggil kang asma | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara kaping sakawan ||
1.08 samana wêdaling karsa | anggalih mring wadya tani | ingkang dèrèng angsal toya | Sêmbuyan kang urut wukir | ing mangke kangjêng gusti | dhawuh mring wadananipun [2: 10] | Dèn Mas Wiraasmara | kinèn bubak ardi alit | sakidule margi dhatêng ing Pacitan ||
1.09 Luwêng Grènjèng wastanira | ing nguni ingkang ginalih | lêbêt wontên toyanira | bokmanawi sagêd mijil | kenging kaangge sabin | dhatêng tiyang dhusun ngriku | samana linaksanan | dhawuhira kangjêng gusti | èstu toya mijil saking jroning guwa ||
1.10 nanging amblês dhawahira | mring luwêng mili tan mijil | dadya mangke pinêpêtan | kang luwêng dupi wus radin | toya tandya umijil | wêning ngalèbi tumuruh | mring têgal pasabinan | satus bau winatawis [2: 11] | têmah suka kang sami kacakan toya ||
1 dari 3

 


§ Taun Jawi 1807, taun Walandi 1878, wulan Agustus. (kembali)
Tanggal: Soma (Sênèn) tri wêlas (13) Ruwah Dal: muji mugi luhura sariranira jêng gusti (AJ 1807). Tanggal Masehi: Senin 12 Agustus 1878. (kembali)
§ Tlatah Sêmbuyan inggih punika Kabupatèn Wanagiri Mangkunagaran ingkang sisih kidul. (kembali)