Tembang macapat

Srikaton, Pigeaud, 1953, #1459

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Srikaton, Pigeaud, 1953, #1459

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 12
1 dari 35
1–10 dari 350
1. Dhandhanggula
01.01 kang mangagnya mrih sarkarèng rawi | jêngira sang narèswaratmaja | panggagasing salirane | ngèngêti kalanipun | rancakèng tyas duk anèng ardi | anggung dènnya sangsara | ngambah jurang sirung | beda praptaning sang graha | ical saking rancaka enggar ing galih [2: 18] | marma kinèn amarna ||
01.02 mring kang wignya têpaning palupi | lêlupiyan pamardining basa | kang tumulad pagunane | sujana kang wus putus | karsanira sang asma sandi | kaping tri Surakarta | pinardawèng kidung | laksita dènnya cangkrama | dhèrèk kang wa Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ||
01.03 nalika mring pacangkraman ardi | Karangpandhan sawetaning praja | kalih dasa pal têbihe | nguni iyasanipun | swargi Kangjêng Pangran Dipati | Arya Mangkunagara | kaping kalihipun | mangke winangun wus dadya | rakitira kadi puraning maharsi [2: 19] | tuwin pandhita raja ||
01.04 lawan yasa pacangkraman malih | ing Srikaton namane kang arga | kidul wetan ing prênahe | mung nêm pal têbihipun | saking wukir ing Pandhanpuri |[1] ing mangke sampun dadya | ngilèn ajêngipun | asri rêngganing suyasa | yeka ingkang badhe pinirsa jêng gusti | lajêng karsa pêpara ||
01.05 lan jêng tuwan residhèn ing nagri | Surakarta Yèkêl asmanira | kang tumuntur ing lampahe | katri putra sang prabu | ingkang sêpuh Jêng Pangran Bèi | myang Pangran Prabuningrat | lawan arinipun | Pangran Kasumadiningrat [2: 20] | wontên malih atmajanira Jêng Gusti | Arya Mangkunagara ||
01.06 mung sakawan kang sami umiring | Pangran Arya Prabu Prangwadana | Pangran Dayakusumane | kang kalih wus tinuduh | ngrumiyini dhumatêng ardi | Pangran Găndasuputra | lawan arinipun | Pangeran Găndaatmaja | kalih sami binêbahan mariksani | sagunging pasanggrahan ||
01.07 lawan kinèn lajêng dhatêng ardi | Seladhukun watêsing Magêtan | amêthuka ing lampahe | residhèn ing Madiun | Kangjêng Tuwan Phèlsêr kang nami | arsa mring Karangpandhan | panggih ipenipun | residhèn ing Surakarta [2: 21] | mila mangke umangkat nunggil saari | mrih sarêng praptanira ||
01.08 nahên ingkang mêthuk anèng ardi | winursita Risdhèn Surakarta | kadi sarêng ing lampahe | enjing wanci jam pitu | angkatira saking nagari | anuju ri Anggara | nêmbêlas sitèngsu | wulan Saban Be kang warsa | sinangkalan ngèsthi nênga sarira ji |[2][3] kang nunggil sakareta ||
01.09 Kangjêng Gusti Pangeran Dipati | Arya Mangkunagara kalawan | Kaptin Noi katigane | sakawan putranipun | kangjêng gusti kang kaping kalih | Nararya Brajanata | gangsal putranipun [2: 22] | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Mangkunagara kang wus winuni | Pangran Dayakusuma ||
01.10 Jêng Pangeran Ngabèi anitih | sanès rata lan Jêng Pangran Arya | Prabuningrat katigane | Jêng Pangran Arya Prabu | Prangwadana malih putraji | Pangran Sumadiningrat | catur nunggil dunung | wontên malih sanès rata | andhèrèkkên mung badhe dugi banawi | Pangran Suryadiningrat ||
1 dari 35

 


§ Karangpandhan bawah Kabupatèn Karanganyar Mangkunagaran. (kembali)
§ Taun Jawi 1808, taun Walandi 1879, wulan Agustus. (kembali)
Tanggal: Anggara (Slasa) nêmbêlas (16) Saban (Ruwah) Be: ngèsthi nênga sarira ji (AJ 1808). Tanggal Masehi: Selasa 5 Agustus 1879. (kembali)