Tembang macapat

Nyanjata Sangsam, Pigeaud, 1953, #1460

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Nyanjata Sangsam, Pigeaud, 1953, #1460

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 6
1 dari 12
1–10 dari 112
1. Sinom
1.01 rinêngga atma srinata | Jêng Gusti Pangran Dipati | Nararya Mangkunagara | ping catur ingkang mandhiri | kang lagya mardi siwi | winarah rèh mrih rahayu | Jêng Pangran Prangwadana | kang arsa têmbe gumanti | mrih widada dumadine yogatama ||
1.02 tumana mring susilarja | arju marta maratani [2: 146] | sawadya wandu-wandawa | aywa na winalang kapti | myang pinrih pinarsudi | rumakêting kadang karuh | lan malih mêmiluta | lumêkêt susêtyèng budi | dening para atmajendra Surakarta ||
1.03 kasidaning sih-sinihan | sumrambaha makangsali | tumrap ing praja mandhala | jêjêg arjaning kang bumi | menak sarwa dumadi | dera myat para gung kumpul | sumungku abipraya | mêmayu hayu lêstari | antarane kèh suka manadukara ||
1.04 nahên wau winursita | kang putra tinuduh maring | pasanggrahan ing Wanarga | bêbêrêg buron wanadri [2: 147] | myang mamèt ulam kali | lan para atmajèng prabu | tamtuning ri ubaya | jujug myang mangsaning wanci | pangabehan badhe pakumpulanira ||
1.05 kang minăngka gêgunungan | Jêng Pangeran Angabèi | manggalatmaja iswara | wau praptaning ubanggi | Akad Kaliwon kaping | sadasa Dulkijah taun | Be kang salira mentar | wana iku amarêngi |[1][2] tabuh lima jêng pangran wus pêparentah ||
1.06 arakit kang palênggahan | pantyalit ngarsèng pandhapi | bangku bundêr munggèng madya | asri kinubêng ing kursi | ngarsa têpyèng pandhapi [2: 148] | rêspati sinungan babut | ya ta tabuh nêm prapta | para ri kang arsa ngiring | kang ngruhuni Jêng Pangran Natakusuma ||
1.07 tan dangu ing pêpakira | nèng latar samya pêpanggih | Jêng Pangeran Pakuningrat | katigane ingkang rayi | Jêng Pangran Arya nênggih | Prabuningrat malihipun | Kangjêng Pangeran Arya | Kusumadiningrat tuwin | kang sinêbut Walandi wasta Tuwan Jan ||
1.08 ngêntosi ing wiyosira | tan antara sigra mijil | jêng pangran sampun siaga | busana cara Walandi | nulya lênggah ing kursi | para ri tata alungguh | anganti praptanira [2: 149] | têtamu kang arsa mampir | kunêng prapta wanci tabuh madya sapta ||
1.09 Pangran Prabu Prangwadana | kering ing raka kêkalih | Jêng Pangran Găndasuputra | myang Găndatmaja kang rayi | miwah ari kêkalih | Radèn Mas Subyakta timur | lan Radèn Mas Suprapta | wontên malih kang umiring | măngka pramugari Arya Brajanata ||
1.10 punika ingkang pêputra | jêng gusti kang kaping kalih | malih prênah ingkang paman | jêng gusti kang kaping katri | nênggih ingkang sêsiwi | Suryadarmaja jêjuluk | wusnya pinêthuk sigra | ngacaran lênggah ing kursi | mubêng tarap tan kari Dyan Wirasmara [2: 150] ||
1 dari 12

 


§ Taun Jawi 1808, taun Walandi 1879, wulan Nopèmbêr. (kembali)
Tanggal: Akad (Ngahad) Kaliwon sadasa (10) Dulkijah (Bêsar) Be: salira mentar wana iku (AJ 1808). Tanggal Masehi: Selasa 25 November 1879. Pada bulan Bêsar tahun AJ 1808, hari Ngahad Kaliwon jatuh pada tanggal 15, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Ngahad Kaliwon 15 Bêsar AJ 1808 (Minggu 30 November 1879). (kembali)