Tembang macapat

Wanagiri Prangwadanan, Pigeaud, 1953, #1461

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wanagiri Prangwadanan, Pigeaud, 1953, #1461

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 7
1 dari 19
1–10 dari 184
1. Dhandhanggula
1.01 sêkunging tyas satata dera mrih | mardawaning lukita sarkara | sinukarta sakadare | daruna mardi kayun | sing kayungyun kalaning nguni | Jêng Pangran Prangwadana | cangkramèng wana gung | lawan catur atmajendra | Jêng Pangeran Ngabèi lan ingkang rayi | Pangran Natakusuma ||
1.02 wontên malih ari kang umiring [2: 191] | Jêng Pangeran Pakuningrat lawan | Prabuningrat katigane | catur ingkang tumuntur | narpatmaja ingkang wêwangi | Pangran Sumadiningrat | tuwin malihipun | Radyan Mas Sasradijaya | yeka wadu-wandawa widagdèng budi | umiring tindakira ||
1.03 mring pakuwon aran Wanagiri | prênah kidul sawetaning praja | kalih dasa pal têbihe | purwanta tindak ngriku | wit kacuwan ing tyas duk nguni | umiring mring kang rama | amarêngi rawuh | pakuwon ing Jumapala | ngitêr sima gagal kasaput ing ratri | marma sami ubaya ||
1.04 benjang măngsa têrange kang riris [2: 192] | patêmbayan lan sang atmajendra | mangsuli sardula pinèt | nanging ta kang pirêmbug | pra winêrda tan nyuwawèni | yèn tindak Jumapala | wit kinintên suwung | de mêntas kataman brana | sayêktine maksih tansah ngungsi têbih | sumingit sêsiluman ||
1.05 ing pangrêmbag amung Wanagiri | langkung saking pikantuking papan | tur pasthi kathah sangsame | trêkadhang kadhing nyandhung | sima gora ginêrêk gampil | wêdale pinarapal | binut binarubuh | rêbah sinanjata wantah | langkung pedah yèn pakuwon Wanagiri | kinarya kalangênan ||
1.06 dumadya nut sang iswarasiwi [2: 193] | mit mring rama rinilan sakarsa | tinamtu badhe bidhale | saking ing dalêmipun | ri Raditya Kaliwon kaping | sadasa Dulkangidah | warsa Be pinetung | tinêngêran kang sangkala | pangèsthining barakan sarira nunggil |[1][2] sapraja Surakarta ||
1.07 de pra kadang kadeyan kang miring | marang kangjêng sang iswaraputra | pêpijèn sawatarane | pinatah pantêsipun | lan karsanta Jêng Pangran Bèi | pra kadang mung sajuga | kang tinuduh tumut | Jêng Pangran Găndasuputra | tuwin ta sang winêrda ingkang bêbisik | nararya Brajanata [2: 194] ||
1.08 katrinira ingkang awêwangi | Arya Suryadarmaja kalawan | Dyan Mas Wiraasmarane | wontên malih tumuntur | Dyan Mas Widaningrat lan malih | Dyan Mas Mlayaatmaja | wontên kanthinipun | Radèn Mas Wiryakusuma | tuwin Dyan Mas Brăntajaya sinung kardi | mèngêti lêlampahan ||
1.09 tabah sapta satata miranti | kuda rata rakiting pêpara | pinarak pinarnahake | munggèng ngarsa supênuh | dumaruduh pra kadang prapti | kadeyan tuwin wadya | kang arsa dumulur | ngatêr sajawining kitha | mawa rata wênèh mahana turanggi | andhèr nèng abyantara [2: 195] ||
1.10 tandya bidhal jinajaran dening | wimbasara myang Prawiraaswa | catur tumuntur wurine | ginarbêg gumarubyug | ing pra kadang kadeyan wingking | lajêng ing lampahira | manjing jro anjujug | wiwara ing pangabean | atmajendra dangu dènira ngêntosi | lan para kadangira ||
1 dari 19

 


§ Taun Jawi 1808, taun Walandi 1879, wulan Nopèmbêr [sic]. (kembali)
Tanggal: Raditya (Ngahad) Kaliwon sadasa (10) Dulkangidah Be: pangèsthining barakan sarira nunggil (AJ 1808). Tanggal Masehi: Minggu 26 Oktober 1879. (kembali)