Tembang macapat

Wrêdining Pandêl Panjênêngan, Pigeaud, 1953, #1462

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wrêdining Pandêl Panjênêngan, Pigeaud, 1953, #1462

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 2
1–10 dari 11
1. Sinom
1.01 punika cariyosira | rêrênggan kang dipun ampil | pangulu kang sinongsongan | jênar mawi dèn jajari | tuwin dipun urmati | ing sabên tingalanipun | taun jumênêngira | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara kaping sakawan ||
1.02 yèn panuju wulan Bêsar | gangsal likur sitapasmi [2: 258] |[1] mawi srananing panêdha | landheyan kuningan isi | kancana slaka wêsi | suwasa sakawanipun | gênge sagagang plasa | mung panjangipun sinami | lawan ingkang jumênêng Mangkunagara ||
1.03 mila winastan tingalan | panjênêngan sabên warsi | nglandheyan ing ujung mawa | tinutupan bungkul kadi | bundêring tigan brati | nginggil waos dhapuripun | lingèn istha sakawan | ngandhap mawi dèn dèkèki | kêsting pita kang minăngka tunggulira ||
1.04 tumrape anèng landheyan | kadi layaring sêkoci | kinêncang kalawan tambang | kang kinarya bênang rukmi [2: 259] | sakèh pungkasing tali | sinungan kuwas boliyun | têpining tunggul pita | binara tuwin binlodir | nginggil madya rineka kadi makutha ||
1.05 ing ngandhap sinung aksara | MN lètêring Walandi | ing sakiwa têngênira | wit kapas kalawan pari | ing bongkot têpang sami | têtimpahan isthanipun | lawan sinung gandhewa | sakêndhênge lan jêmparing | pan sadaya rinangkus ing tali pita ||
1.06 pungkasanira ing ngandhap | ăngka taun duk mandhiri | anèng ing Mangkunagaran | saubênge tunggul mawi | lunglungan kang binlodir | sadaya rêrênggan wau [2: 260] | ingaranan kakăndha | punika sampun mastani | wrêdinira kadi ta ingkang winahya ||
1.07 tumrape dhatêng suyasa | kang sampun sinêbut nginggil | dêdêg panjênênganira | makutha kang mêngku nagri | MN lètêring Wlandi | punika pikajêngipun | asma Mangkunagara | IV yeka ăngka Rumi | wrêdinira kang minăngka ping sakawan ||
1.08 dene ta angkane warsa | punika taun Walandi | nalika jumênêngira | tangsul pita lan jêmparing | pamintaning panggalih | kêndhêng sampun sêdhêngipun | gandhewa têgêsira | badhe panjang ing pangudi [2: 261] | witing kapas punika kang dhatêng sandhang ||
1.09 wit pari purwaning têdha | lunglungan kang mubêng têpi | amêngkoni têgêsira | wus têlas wijanging wrêdi | pasêmon tumrap burdir | nihan ta pikajêngipun | ing panjênênganira | kang mêngku kutha nagari | ingkang kaping sakawan nalikanira ||
1.10 jumênêng angkaning warsa | sèwu wolung atus nênggih | kalawan sèkêt satunggal | ngikêt pamintaning galih | sêdhêng angrigên sami | panjang ing pangudinipun | dhumatêng karaharjan | tuwin sandhang lawan bukti | kang nyêkapi sabawah wêwêngkonira ||
1 dari 2

 


sitarêsmi. (kembali)