Tembang macapat

Babad Majapait, Tanaya, 1975, #1501

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Majapait, Tanaya, 1975, #1501

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 2
1 dari 6
1–10 dari 53
1. Dhandhanggula
Bêbukaning Pambangun
1.01 Rabi'u'lawal duk kala nulis | jam sawêlas ing dina Anggara | kaping lima ing tanggale | taun Êje kaetung | angkanira ingkang winarni | ingetang taun Jawa | sèwu wolung atus | rolikur sirahing warsa |[1] masa Kapat wuku Prangbakat lumaris | nuju taun Rêkatha |[2]|
Sri Bathara Prabu Brawijaya ing Majapait
1.02 madyaning kawuryan kramaniti | pan anawung kang sêkar Macapat | ingkang rinêngga kandhane | nênggih Ratu pinunjul | nagri agung ing Maospahit | sumbagèng tri bawana | prakosa dibya nung | trang luhur karatonira | angluwihi kinasihan ing dewadi | tan ana kang tumimbang ||
1.03 kasub ing rat angêtêri bumi | Buminata Sang Sri Brawijaya | kucêm isining rat kabèh | pan sagung ratu-ratu | bawah-angin akèh kajodhi | tur bulubêkti samya | dhatêng sang aprabu | tuwin sagung pra pandhita | samya lulut sih marang sri narapati | wit tyas susila arja ||
1.04 nuju dina Soma sri bupati | arsa miyos dhatêng panangkilan | upacaranira abyor |[3] pra dipati supênuh | saos ngarsanira sang aji | wuwusên kapatihan | maglaran sadarum | para putra myang santana | kyana patih kasaru wau kang prapti | putra saking ing wana [2] ||
Ki Jaka Dilah
1.05 data tita lingira ing nguni | kang kocapa Ki Dilah tumama | andheprok ing pasebane | kyai patih puniku | Gajahmada ing Maospait | kalanira yun seba | Ki Dilah kadulu | anglosod anèng paseban | Kyana Patih Gajahmada nulya angling | hèh rare ngêndi sira ||
1.06 Jaka Dilah matur mring ki patih | rare ngalas datan wruh pinangka | datan kantênan wijile | têbih bapa lan biyung | ulun niki ingkang nêsêpi | pantês kidang mênjangan | saênggèn dêdunung | mangke anèng ngarsa tuwan | pan anglindhung ing karsa kiyai patih | kyana patih lon mojar ||
1.07 dene sira praptèng jro nagari | apa ingkang sira sêdyèng nala | lan sapa aranmu rare | pun Dilah wasta ulun | nêdya ngabdi sri narapati | yèn kaparêng lan karsa | ngawulakkên mring sun | suka anyangking karanjang | linging patih iya milua mring mami | sun aturkên sang nata ||
1.08 Jaka Dilah suka jroning galih | gya lumiring dhatêng kyana patya | praptèng ngalun-alun kinèn | lênggah waringin kurung | majêng ngidul dènira linggih | kyana patih maglaran | punggawa supênuh | miyos sang sri naranata | magêlaran punggawa pêpak sumiwi | kagyat nata tumingal ||
1.09 rare anèng sor waringin rakit | angandika sang sri naranata | lah gandhèk priksanên age | gandhèk nêmbah wus gupuh | sapraptane waringin rakit | Ki Dilah pinariksa | turira lon arum | kawula têtiyang ngarga | ran Ki Dilah arsa ngawula ngabêkti | ing gusti sri narendra ||
1.10 inggih alit mila anèng wukir | tanpa rena inggih tanpa kadang | kang mariksa mundur age | wus katur sang aprabu | angandika sri narapati | lah mara timbalana | marang ngarsaningsun | glis prapta ngarsa narendra | sri bupati ningali rêsêp ing galih | kinèn wor panakawan [3] ||
1 dari 6

 


Tanggal: Anggara (Slasa) lima (5) Rabi'u'lawal (Mulud) Êje (Je): sèwu wolung atus rolikur (AJ 1822). Tanggal Masehi: Selasa 27 September 1892. (kembali)
§ 27 September 1822 [sic]. (kembali)
Biasanya guru lagu e: abyèr. (kembali)