Tembang macapat

Bantah Kêkalih, Kramaprawira, 1872, #1515

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Bantah Kêkalih, Kramaprawira, 1872, #1515

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 4
1 dari 15
1–10 dari 146
Bantah kang sapisan, dhasar: ajar.
1. Sarkara[1]
1.01 wontên jêjaka kalih anunggil | yayah rena pun Basir kang tuwa | kang anom Nasir têngrane | nging yayah renanya wus | praptèng ajal duk kala maksih | alatirèng sudarma | jaka dwi ingugung | dening yayah kang krêtyasa | duk samana Basir Nasir maksih alit | ing mangke wus diwasa ||
1.02 apanuju ing sajuga ari | sira Basir lan Nasir umanggya | ing bapa tatinggalane | juga pustaka sêpuh | gya ingalap mring jaka kalih | binuka tinupiksa | surat ungêlipun | dhasar akalawan ajar | sutaningwang budinên dèn kongsi prapti | iku ugêring gêsang ||
1.03 wusnya nuksmèng tulis jêjaka dwi | dahat ngungun ing driya kamantyan | ascaryanira ing batos | wusana Basir muwus | mring arinya hèh yayi Nasir | wasiyating sudarma | mring sira lan ingsun | pasêmon kalih prakara | datan liyan mung sira kalawan mami | kang wajib nampanana ||
1.04 pan ing mêngko mungguh sira adhi [4] | ajar dhasar êndi kang sirarsa | ing pikukuh pahalane | pangagnyaning tumuwuh | inganakkên dumunyèng bumi | kang dadi panêmunta | Nasir alon muwus | kakang mênggah ing kawula | mêsthi ajar kuwat datanpa sêsiring | nglangkungi saking dhasar ||
1.05 sira Basir amangsuli angling | iku yayi dahat sêlayanya | lan pun kakang panêmune | mungguh panyiptaningsun | mêsthi dhasar kuwat ngluwihi | luwih saka ing ajar | wus mêsthi kadyèku | paran mungguh panêmunta | dene ajar sira rani angluwihi | kuwat saka ing dhasar ||
1.06 Nasir mojar ing sanetya aris | èstu kakang botên pindho karya | wus kanyatan samêloke | manusaning Hyang Agung | kang kasăngga dening pratiwi | kasongan ing akasa | kang layak pinunjul | munjuli saking jinisnya | mêsthi botên sêpên ing panggulang niti | witing prapta ing sêdya ||
1.07 Basir angling kasigihan[2] adhi | pangucapmu tan ana salaya | nanging wêkasane rèmèh | durung bijaksèng kawruh | ing panggayuh sampurna têbih | lagi ujar kerasan | uwun budi punjul | mungguh pamanggih kadyèka | yèn kang jamak ruhuring kawruh sajati | dhasar wus tanpa timbang ||
1.08 dadya [5: da...dya] ugêr-ugêring dumadi | iya iku kodrating Pangeran | Allah iku luwih dhewe | yèn uwis angêcam kun | sapa bisa adhi ngowahi | yèku rupaning dhasar | yèn sira nora wruh | nora susah musawarat | yèn wus dhasar pinêsthi punjul sêsami | ajar tansah kawuntat ||
1.09 lamun ajar adhi sira rani | luwih kuwat iya saka dhasar | apa Allah wêkasane | datan kuwasa punjul | amumpuni liring dumadi | sêpi tan pisan ana | ran takdirollahu | măngka gantunganing gêsang | gunging urip mung sumendhe dening pêsthi | ing papêsthènaning Hyang ||
1.10 Nasir tandya amangsuli angling | ing pandugi kula tan mangkana | uripe manusa kiye | ginantungan pangawruh | dadya asor kakang mênawi | sumendhe gêsangira | lamun dèrèng putus | ing ajar tekad kang nyata | kanyatane wignya ugêring dumadi | paran sumendhe ing Hyang ||
1 dari 15

 


Variasi dari nama tembang: Dhandhanggula. (kembali)
kasinggihan. (kembali)