Tembang macapat

Kancil, Van den Broek, 1878, #1524

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Kancil, Van den Broek, 1878, #1524

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 22
1 dari 125
1–10 dari 1.245
1. Gambuh
01.001 purwaning sêkar gambuh | kojah saking kang para mukminun | sarupaning kăndha sinawung ing gêndhing | dhangkal siguge ing têmbung | tumanggah suka winaos ||
01.002 saking tyas mudha punggung | gagap-gugup panggagaping kalbu | bunêk ingkang wardaya tan anyingkabi | binanjur-banjur anglantur | tan wruh yèn dadya gêguyon ||
01.003 yêkti sakarsanipun | parotama sujana linuhung | asrah jiwa raga kang amurwèng tulis | asung wulang asung guyu | apa sakarsane kono ||
01.004 kinênan nora luput | puputêna tan kiranging tutur | sarta sêrik rêksanên cupêting krami | wêwahana kirangipun | ing karsa ywa walangatos ||
01.005 tatkala murwèng kidung | Sêtu Êpon tanggal ping nêmipun | wuku Bala Rabingulakir Jhe warsa |[1] sirna bayu pandhitèku |[2] windu Kunthara ing mangko ||
01.006 mangkana kang tinutur | dadya dongènging para linuhung | amardyèng tyas sarasa rasaning nguni | nênelakkên milanipun | ya ta na buron sawiyos ||
01.007 si kancil wastanipun | yèn ing sato kuncara sinêbut | luwih akal sarekal kabayan kancil | culikane amasêmu | ubêding basa ginugon ||
01.008 lèrèh wêwatêkipun | nora tanggung barang pikiripun | têgêg dora dorane anêmbadani | datan kewuhan ing wuwus | wasis saliring pakewoh ||
01.009 kabisan sadayèku [3] | gama drigama gêmêt kinêlun | pêpunggêlaning dadi tan kêna lali | linalêmês amrih patut | tinamakakên ing kewoh ||
01.010 mangkana kang winuwus | kalanira si kancil puniku | anèng wana si kancil eca alinggih | tan adangu nulya ngrungu | swarane si macan gembong ||
1 dari 125

 


Biasanya guru lagu i: warsi. (kembali)
Tanggal: Sêtu Êpon (Pon) nêm (6) Rabingulakir Jhe (Je): sirna bayu pandhitèku (AJ 1750). Tanggal Masehi: Jumat 20 Desember 1822. Pada bulan Rabingulakir tahun AJ 1750, hari Sêtu Pon jatuh pada tanggal 28 dan bukan tanggal 6. Dalam versi lain yang diperiksa oleh Broek, ditemukan hari Sêtu Paing, dan hari itu benar meskipun ada perbedaan satu hari (Jumungah versus Sêtu). (kembali)