Tembang macapat

Sarengat, Anonim, c. 1900, #1527

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sarengat, Anonim, c. 1900, #1527

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 23
1 dari 68
1–10 dari 679
1. Dhandhanggula
01.01 pratelane ingkang para nabi | ingkang anèng dalêming manungsa | Nabi Adam astanane | anèng badan puniku | Kangjêng Nabi Mukamat nênggih | rasul ingkang mustapa | astanane tutuk | Nabi Sis ing bun-êbunan | Nabi Dawut ing netra astananèki | Edris bathuk gènnya |[1]|
01.02 mugèng[2] lêlathi Nabi Ibrahim | Nabi Musa astanane grana | Nabi Ngisa astanane | anèng cangkêm puniku | Nabi Yakup ing balung nênggih | Nabi Yusup punika | astanane sungsum | Nabi Ayup usus gènnya | Bagendha Li astanane anèng kulit | ing daging Abubakar ||
01.03 Ngumar limpa astananirèki | anèng pêpusuh Nabi Suleman | Nabi Kilir astanane | anèng makripat [186: makripa...t] iku | langit pêpitu kang dipun gèni |[3] Nabi Musa bun-bunan | jaja pusêripun | ingkang minăngka kapala | lintang Kamal anênggih wastanirèki | kayu awiting nyawa ||
01.04 sajaratil mustapa ing alit | pasu kiwa têngên gunung kêmbar | gunung Tursina têgêse | nênggih pucuking irung | lambe Betal Mukadas nênggih | watu sajidin ika | têgêse ing untu | lambe dhuwur ngisor ika | bale ngaras uwot siratal mustakim | apan gêtêring ilat ||
01.05 uwang têngên kang ingaran masrik | uwang kiwa ing mahrip punika | Iman Sapingi dhadhane | Iman Maliki iku | pan gugunge[4] wontên ing gigir | Iman Kambali apan | lambung têngênipun | Kanapi ing lambung [187] kiwa | pan ing Mêkah lak-lakan ingkang amêthil | ngaras kursi bun-bunan ||
01.06 ngaras lambe loh kalam ing lathi | lohkilmapul punika pangucap | têlaga kalti dhasare | ingkang anèng pêpulung | susu kiwa kêkulung ati | ingkang têngên punika | pasalatan rasul | kang mugèng jêjantung ika | pan puniku ingaran aldaka wingit | ingaran Betal Mukadas |[5]|
01.07 Sèh Sumiran anjêngêr tan angling | sakalangkung ngungun jro wardaya | wong iki têdhas kawruhe | nulya don lunga nglangut | durung mangke dadi puniki | têgêse wis atatag | pênjerahe kawruh | Sèh Sumirang awêcana | dawêg anak mara caritakna malih | idhêp-idhêp adana ||
2. Asmaradana
02.01 Jatining saurira [188: sa...urira] ris | wontên wong nêpi samodra | tan adarbe wujud roro | ingkang kaèsthi ing manah | mung Hyang Kang Maha Mulya | alami anèng ing ngriku | lali nadhah lawan nendra ||
02.02 dèn pêsu raina wêngi | pamêndênge sarta salat | tan kandhêk sêmbah pujine | malahèng ngalih panggonan | pitêkur wontên sonya | laminya kalangkung-langkung | kang pinandêng mung Hyang Suksma ||
02.03 tan towang sêmbahing Widhi | kang ana ing waka sonya | angèsthi mring Hyang Linuwèh | tan ana drigama ketang | amung pangèsthinira | tanna pandêng liyanipun | kang kèsthi mung Hyang Minulya ||
1 dari 68

 


Kurang satu suku kata: Edris bathuk ênggènnya. (kembali)
munggèng (dan di tempat lain). (kembali)
Lebih satu suku kata: langit pitu kang dipun gèni. (kembali)
dununge. (kembali)
Lebih satu suku kata: aran Betal Mukadas. (kembali)