Tembang macapat

Kalimataya, Anonim, 1904, #1533

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Kalimataya, Anonim, 1904, #1533

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 58
1 dari 216
1–10 dari 2.152
1. Dhandhanggula
01.01 rarasing rèh sinawung mêmanis | dènirarsa marsudi utama | maspadakkên caritane | ngago[1] tulatdan[2] agung | berata tyas ingkang tan yukti | ika para Pandhawa | atmajaning Pandhu | mêmardi tyas martotama | tama têmah bisa luhur madêg aji | rumêgêm ing Ngastina ||
01.02 pinèngêtan duk nurun marêngi | ari Akat Wage ping sapisan | kasadasa ing mangsane | candrama Sapar nuju | wuku Wayang lagya lumaris | Sancaya windunira | Jimakir kang taun | sangkalanira pinetang | dadine kang guna angèsthi sawiji |[3] ran Srat Kalimataya ||
01.03 kang tinutur tartiping pawarti | mèt turuting Srat Pustakaraja | pinugut ing panganggite | nênggih sabibaripun | aprang Bratayuda [2: Brata...yuda] ing nguni | kang jumênêng Ngastina | Yudhisthira Prabu | sakadangira sadaya | karatone wus ngumpul dadya sawiji | Wiratha wus aniwa ||
01.04 sagung para kadanging narpati | wus sinungan mulya kawiryawan | sajuru-juru pinancèn | pan jinêjêr jinurung | sadayanya wus samya mugti | samya jinunjung lênggah | nagri dèn dum-êdum | marang Prabu Darmaputra | para ari sadaya wus samya tampi | pamatahnya sri nata ||
01.05 Arya Wrêkudara sinung linggih | Banjarjungut dene Sang Arjuna | nênggih wus dhinaupake | lan Banuwati sampun | pinaringan ing Banakêling | gumantyèng Jayadrata | myang ari waruju | sira Sang Arya Nangkula | lan Sadewa kalih samya kinaryaji | mêngku nagri Măndraka ||
01.06 nama Prabu Nangkula lan ari | Prabu Sadewa tulus [3: tu...lus] raharja | ing Mandraka karatone | miwah kang para wadu | samya sinung măncanagari | bêktan saking Ngamarta | kang sami jinunjung | miwah Prabu Baladewa | Rêsi Bisma palênggahannya ginanti | dumadi parampara ||
01.07 wontên punakawannya kêkalih | kakang adhi kadang naking sanak | sinung sih nama kalihe | Draswapasi kang sêpuh | pinaringan ing Gilingwêsi | Sayakèsthi rinira | Mukabumi sinung | kalihnya jinunjung raja | nama Prabu Praswapati Sayakêsthi | sami tulus wibawa ||
01.08 wontên malih kang sinungan linggih | para santana kawula warga | pinangkat punggawa kabèh | Ngastinarja kêlangkung | para ratu misih sumiwi | dèrèng wontên rinilan | marang prajanipun | miwah Sri Bathara Krêsna | dèrèng [4] kondur dhatêng nagri Dwarawati | mêgsih anèng Ngastina ||
01.09 cinarita dene ingkang warsi | sangking dènira prang Bratayuda | pan misih tunggil taune | taun surya ingetung | sinangkalan sajroning warsi | pêgsa gunaning nata |[4] taun căndra ketung | tata gatining pandhita |[5] duk samana nagri Ngastina winarni | wontên sipta sasmita ||
01.10 kadhatêngan cahya anglimputi | sato wana kèbêgkan[6] sadaya | tan ana wruh pinangkane | cahya wênês sumunu | lintang-lintang kang bumi langit | miwah kang surya căndra | sadaya kalimput | kongsi saptari mangkana | datan ana kang wikan ing rina wêngi | amung kang tinêngêran ||
1 dari 216

 


kanggo. (kembali)
tuladan (dan ditempat lain). (kembali)
Tanggal: Akat (Ngahad) Wage sapisan (1) Sapar Jimakir: dadine kang guna angèsthi sawiji (AJ 1834). Tanggal Masehi: Minggu 17 April 1904. (kembali)
Tanggal: pêksa gunaning nata (732 taun surya). Biasanya kata "nata" berwatak bilangan satu (1) mis. ratu, atau lima (5) mis. tata. (kembali)
Tanggal: tata gatining pandhita (755 taun căndra). (kembali)
kèbêgan (dan di tempat lain). (kembali)