Tembang macapat

Yudayana, Sastra Utama, 1912, #1615

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Yudayana, Sastra Utama, 1912, #1615

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 38
1 dari 122
1–10 dari 1.213
1. Dhandhanggula
01.01 mastutyèng rèh sinawung artati | sasmitaning gita rinuwiya | traping driya kang rinonce | ugêr jatining tuduh | taman kêndhat ing sariratri | mamrih sudaning arda | mancad mring budyayu | trima lêgawaning cipta | panduking tyas sanityasa pinarsudi | jujuring karaharjan ||
01.02 walgitadi kang minăngka dadi | ing sudaning driya kang tan arja | jinjaa mring kabilaèn | tan drana salwiring hyun | sing mandrawa tinona asri | kawangwang budyatama | wangkawa kawêngku | buring kukila upama | nelad marang laksita ingkang utami | yowana puwaranya ||
01.03 ing tyas kadya sumêngka mring ardi | kang andêdêr tan wangwang kèwêdan | manrang baya pakewuhe | ngira prapta ing luhur | kêtir-kêtir kang sanubari | ginilut mrih widada | tataning kanang hyun | hyun karya tilas dènira | mindi budi mrih dadi kang dipun udi | dinadèkkên kintaka ||
01.04 rinuwiya ing gita kakawi | tur tan măntra putus marang sastra | mung tinliti tinalatèn | tinetah murih atul | kinulina lawan tabêri | rekane nyudarsana | mring pra kang wus mashur | ahli mring paramabasa | awicrita pralampita kang akardi | panglipuring rudita ||
01.05 nukil saking kanang sêrat jarwi | peranganing Srat Pustakaraja- | purwa bab kaping asthane [1: 2] | nênggih cariyosipun | nata agung Ngastina nagri | Sang Prabu Gêndrayana | ing sasampunipun | amisudha pra wadyendra | patihira Arya Sutiksna wêwangi | atmaja Sang Supadma ||
01.06 winursita duk angkaning warsi | pitung atus sangang dasa dwinya | căndra sangkala angkane | astha tus nêmblasipun | sadhaksadha têngraning warsi | nuju măngsa kartika | mangkya garwa prabu | Dyah Padmawati ambabar | mijil putri mring rama sinung wêwangi | Padmaini Sang Rêtna ||
01.07 rama ibu miwah eyangnèki | Dèwi Gêndrawati dahat dènnya | asih dhumatêng wayahe | kala samantên Prabu | Gandaprawa Gêndara Aji | taksih wontên Ngastina | dahat suka sukur | mring dewa dene kagungan | wayah buyut angganya taksih basuki | mangkana rinuwiya ||
01.08 jroning sapta ari sri bopati | tansah bogadrawina kalawan | para nata sawadyane | lumèbèr mring pra wadu | agêng alit samya kawradin | ngurmati putri nata | gantya kang winuwus | sigêg nagari Ngastina | kawarnaa ing Nungsa Kambana nagri | inggih Manimantaka ||
01.09 duk samana Drawilaka Aji | animbali arinya bujăngga | Ardhawalika namane | winarti yèn Sang Prabu | Drawilaka ing sabên ratri | datansah asupêna | miyat putranipun [1: 3: putranipu...n] | dwi samya nandhang cintaka | sartanira katon angêrês-êrêsi | karya tikbraning driya ||
01.10 Risang Ardhawalika duk myarsi | sabdaning raka Sri Drawilaka | sakalangkung pangungune | ya ta tantara dangu | dènnya sami imbalan angling | kasaru praptanira | ditya wadyanipun | Sabata miwah Batana | ingkang sami kapalajêng awit saking | dera yudakênaka ||
1 dari 122