Tembang macapat

Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 19
1 dari 109
1–10 dari 1.088
1. Dhandhanggula
01.001 kadyangganing brêmara mrih sari | angsana kang lagya mêkar enjang | gita kang lagya rinonce | dèn tetah murih gambuh | ninging cipta ingkang linuri | mastuti têrusing tyas | asmara kawêngku | dining gita kang rinipta | sunarira tan pisan wignya nyoroti | sastrawan tangèh mimba ||
01.002 traping têmbung tanapi kakawin | jumbuh cawuh tangèh ngèmpêrana | walgita duk ing kinane | panduking têmbang têmbung | sasar-susur myang bosah-basih | tan măntra madhanana | ing pangikêtipun | jinjaning tyas gung katawang | datan mêndha malah saya angranuhi | sing kumêdah mangripta ||
01.003 kawi-kawi tuhu tan udani | kumacèlu dahad karya tilas | kumadamèng tyas wirage | nekad kadêrêng darung | nganggit crita ingkang supadi | kinarya têtuladan | pra mudha sawêgung | myang para tyang ingkang wrêda | atmajanya dimèn pinarsudi maring | nalar tuwin kawignyan ||
01.004 wit kawignyan iku gung utami | salaminya datan kêna pisah | uwal saking ngên-angêne | yêkti tumêkèng lampus | benjang datan linggar sing dhiri | marma ingulatana | dèn kongsi kapangguh | ywa nganti mèngèng sarikma | parsudinên yêkti bakal antuk kardi | pigunaning kawignyan ||
01.005 kang kinarya bêbukaning rawi | radya agung ing Karangwidara | panjang punjung nagarane | pasir awukir tuhu | gêmah ripah myang loh jinawi | panjang têgêsnya dawa | punjung iku [4] ku dhuwur |[1] dawa ing kuncaranira | kathah praja krèh Karangwidara nagri | luhur prabawèng nata ||
01.006 liyan praja sumewaka sami | tan sarana pinupuh ing yuda | wiji-wiji panungkule | sumungkêm mring sang prabu | ing Karangwidara narpati | lir winangsit jawata | pasir wukir iku | nagara ngungkurkên arga | ngajêngakên pasisir myang jalanidhi | gêmah ripah têgêsnya ||
01.007 mirah sandhang atanapi bukti | ngantya dadya pangungsèning janma | liyan praja mrono kabèh | nadyan bara bêburuh | macul mikul myang anyênyunggi | ngarit lan sêsadean | sukêt godhong kayu | pasthi dadya mulyanira | datan kirang sandhang akalawan bukti | sênêng ing gêsangira ||
01.008 krêta tata arja kramaniti | nir durjana juti lawan begal | ayêm têntrêm nagarane | miwah ing dhusun-dhusun | datan pae jroning nagari | tyang tani padhusunan | samya băndha-bandhu | sugih kewan rajakaya | kêbo jaran wêdhus pitik bèbèk sapi | dèn umbar nèng pangonan ||
01.009 datan ana kinandhangkên sami | sasat amung dèn umbar kewala | rina wêngi esuk sore | tan na kang ngaru-biru | nyidra nyolong miwah angambil | loh jinawi têgêsnya | sabarang tinandur | pari jagung myang katela | kacang kênthang kadhêle uwi gêmbili | saliring têtuwuhan ||
01.010 samya tulus ngrêmbaka andadi | rapêt pêpêt ambiyêt wohira | gantya kawuwusa mangke | ingkang jumênêng ratu | narendra gung anyakrawati | narpatyambêk pandhita | kotamèng mong sadu | kêrtarta aparikrama | gung dêdana myang paramarta mring dasih | jêjêg adiling praja ||
1 dari 109

 


Lebih satu suku kata: punjung iku dhuwur. (kembali)