Tembang macapat

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 10
1 dari 56
1–10 dari 555
1. Sinom
01.001 lir pradapa tumaruna | kintaka sinung kakawin | mamrih wilêting carita | sêngsêma kang anupèksi | mirit caritèng nguni | pinèt jêjêring pamuwus | Sang Prabu Jayapitana |[1] nawèng[2] Ngastina nagari | binathara maksih jêjaka sang nata ||
01.002 narendra langkung kawasa | băndha-bandhu kadang sami | satus kadange Kurawa | sami prawira sinêpi | mung sajuga kang putri | sumêla langkung ingugung | Sang Dyah Trusilawatya | kalangkung sulistyèng warni | warnanira kadya kancana rinêngga ||
01.003 anuju sawiji dina | sang nata lênggah tinangkil | Sang Prabu Jayapitana | siniwèng wadya gung alit | nèng dhamparira rukmi | samana kang marêk ngayun | kang paman Arya Gandara |[3] wasesa măngka pêpatih | tuwanggana sagunging wadya Kurawa ||
01.004 julig pangrèhing ukara | wasi[4] nandukkên mêmanis | limpat mring karti sampeka | widagda ing agal alit | kapering kering aji | Pandhita Durna Sang Wiku | mumpuni saliring guna |[5] putus kaprawiran sakti | sang awipra dadya brahmananing praja ||
01.005 ginuron sakadang nata | marma Kurawa sinakti | tinungkulan guronira | Pandhita Durna linuwih | saking sabrang Sang Rêsi | Baratwaja kang sêsunu | pandhita mêsubrata | wicaksana ing pangagsi[6] | marmanira Ngastina praja minulya ||
01.006 akèh praja kang kuncara | kang kasăngga ing pratiwi | kayoman ing ngăntariksa[7] | kasongan [2: ka...songan] surya lan sasi | tan ana kang nyênyami | anglir Ngastina praja gung | kuncaraning kang praja | pasir wukir loh jinawi | gêmah ripah sapraja tan ana kurang ||
01.007 sabala santananira | ingugung karsane sami | dening Prabu Duryudana | kalaban dananing aji | ala ayu sinung sih | kabanjiran sihing prabu | mili kadya narmada | marma ciptanira sami | gung susêtya tadhah karyanirèng nata ||
01.008 supênuh samya aniwa | balabar lir jalanidhi | aglar anèng panangkilan | praptèng ngalun-alun radin | ingkang samya anangkil | sumungku ngarsa sang prabu | mulat nayaning nata | kadya anawung rudatin | marma sidhêm tanna sabawa kapyarsa ||
01.009 amung kumandhanging swara | sagung wadya juru rugmi[8] | pukulira sêsauran | pating carêngkling kapyarsi | lawan kang pandhe wêsi | karya gêgamaning pupuh | kancana rêngganing pura |[9] pêksi êngkuk anyalahi | nèng karoya karya asrining kang swara ||
01.010 tistis ing nala karasa | rasaning nahên rudatin | bela labuh sri narendra | dènira nawung wiyadi | tan adangu sang aji | ngandika marang sang wiku | dhuh bapa Sokalima | kadiparan kang panggusthi | pundhutane bêbana Sang Banowatya ||
1 dari 56

 


Lebih satu suku kata: Prabu Jayapitana. (kembali)
natèng. (kembali)
Lebih satu suku kata: paman Arya Gandara. (kembali)
wasis. (kembali)
Lebih satu suku kata: mumpuni salwir guna. (kembali)
pangaksi. (kembali)
antariksa. (kembali)
rukmi. (kembali)
Lebih satu suku kata: kancana rênggèng pura. (kembali)