Tembang macapat

Pêjah Kawan Dasa Dintên, Wiarja, 1933, #1737

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Pêjah Kawan Dasa Dintên, Wiarja, 1933, #1737

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 6
1 dari 22
1–10 dari 211
1. Asmaradana
1. Sang Prabu Ludong siniwaka
1.01 kasmaran mangikêt tulis | tataning nawung gitaya | tan runtut kasusastrane | gumuna ambêg sarjana | kang wus kasup kasusra | nanging nalane balilu | lugu kalis ing piwulang ||
1.02 linawanan nênuwun sih | aksamèng pra kawi radya | kang mumpuni saliring rèh | rèhning arsa amarsita | carita nagri Cina | tangèh têmên kang tinutur | nging patut sinudarsana ||
1.03 kawarnaa duk ing nguni | wontên nagri gêmah arja | Korak luhuring kratone | ingkang jumênêng narendra | Sri Ludong julukira | ambêg palamartèng wadu | bèr budi bawalêksana ||
1.04 sang prabu dahat trêsna sih | mring garwa sang pramèswara | rèhning sangêt susilane | nanging cuwaning [4: cuwa...ning] wardaya | kang putra mung sajuga | wanudya ing warna punjul | măngka sêsêkaring pura ||
1.05 sru karaos jroning galih | ri ratri tansah duhkita | dening sang nata tan darbe | atmaja priya kinarya | calon gumanti nata | lastari kaprabonipun | tumurun darahing nata ||
1.06 tan pêgat dènnya mangèsthi | mêminta sihing jawata | jinurunga sakarsane | nanging kandhêg ing panêdha | dening wus praptèng yuswa | lăngka lamun antuk tuwuh | marma mung manggung mohita ||
1.07 têmah tajin dhahar guling | mung amêlêng jroning cipta | ajêg mêmuja tan lèrèh | ngruwat urubing angkara | ngêningkên păncadriya | amrih jumbuhing panuju | winêngan dening jawata ||
1.08 dene ta pamintèng batin | pinanjangna yuswanira | mrih sêmbada panêdyane | widada mijèkkên putra | kakung [5: ka...kung] ingkang kaloka | widagda umadêg ratu | sudibya sudirèng yuda ||
1.09 duk nèng madyaning sêmadi | katarima ing panêdha | jawata wèh wêwangsite | mangkana linging sasmita | hèh Prabu Ludong sira | pamintanira wus tamtu | kinarilan ing jawata ||
1.10 antuk wuwuh satus warsi | yuswanta nèng ngarcapada | katêkan karsanta kabèh | mangkono mau yèn sira | anduta mring Lokendra | sowan ngarsèng jawata gung | kang kawasa amisesa ||
1 dari 22