Tembang macapat

Laksitarja, F. L. Winter, 1894, #1749

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Laksitarja, F. L. Winter, 1894, #1749

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 3
1 dari 9
1–10 dari 84
1. Kinanthi
1.01 panênggak Sri Salya Prabu | jawata kang salah warni | kanthi êntyarsaning driya | rikalanira miyarsi | wigaring rèh mangun brata | wêdharing pustaka warti ||
1.02 nuswa gyan băngsa Alpuru | kang winastan Lokomotip | parabnya Sri ing Manggada | sêsara Hyang Wisnu Murti | cinitra ing ari Sukra | wimbaning kang sitarêsmi ||
1.03 wisayèng matsya malawung | dhukuh Kumbayana Rêsi | Dhesèmbêr tanggal ping lima | salaka pita kang warni | etang warsa sèwu dhomas | astha dasa pat lumaris [2] |[1]|
1.04 apan ta wontên kasêbut | Kangjêng Radèn Adipati | Sasranagara pêpatya | ing Surakarta nagari | winisudha sri bagendha | maraja dadya ridêring ||
1.05 ordhê Nèdêrlansê Leyo | kamune atmajèng rêsi | pramèswari Sri Bahlika | mênggah kondhanging pawarti | sato titihan Hyang Rodra | awis sagêd maradini ||
1.06 atma Suwăndagni Wiku | wrêcita markatèng latri | karya suka pirênèng tyas | Êmpu Sang Balya Narpati | kêndhang têtêking ayuda | kadi kang kalakyan mangkin [3] ||
1.07 wau pamisudhanipun | kangjêng radèn adipati | kathah kang mangayubagya | pra tuwan-tuwan Walandi | saraya mangsah ranangga | gita sabyantu ngastuti ||
1.08 lumayan pamurihipun | pramodanirèng nagari | Jêng Residhèn A. Y. Sêpan | ing nalika sontên wanci | asung urmat pamiwaha | serenadhê dèn wastani ||
1.09 atma Kurandhagni Prabu | wêwarnan tan gondhang kasih | sampun sayoga samapta | doning wastra pinrih aking | nèng pamedan kapatihan | èsmu wulinga ing galih [4] ||
1.10 keswa amancala pingul | jêng tuwan pramodèng nagri | carma wrêksa kang wus wiwal | nalikanira umanjing | ing sajroning panataran | sumrêg-sumrêg atulya sri ||
1 dari 9

 


Tanggal: lima (5) Dhesèmbêr: sèwu dhomas astha dasa pat (1884 M). (kembali)