Tembang macapat

Sèh Jangkung, Sumaatmaka, 1931, #1816

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sèh Jangkung, Sumaatmaka, 1931, #1816

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 26
1 dari 88
1–10 dari 877
1. Dhandhanggula
01.01 dyan winarna wêdharing mêmanis | mastuti rèh wimbaning ukara | ngajab jumujur kajate | berawaning pangawruh | isarating dènnya marsudi | supadi tan sangsaya | mêmalat mrih ayu | atanapi mrih aksama | maring sagung kang kasdu mulat ing tulis | Kakawining kintaka ||
01.02 duk manitra panuju ing ari | Kêmis Paing tanggal kaping lima | wulan Sapar tumanggape | warsa Jimawalipun | ingkang windu Sancaya kèksi | sinêngkalan kang warsa | măngka pèngêtipun | nunggal rasa ngèsthi gêsang |[1] sajatining gêsang ing awal lan akir | pinusthi ing wardaya ||
01.03 mèt sarana utamèng dumadi | karya suka pirênèng sasama | makatên wau antêpe | marma marsudèng kawruh | amêmayu ayuning bumi | mamrih rahayunira | sagunging tumuwuh | rinêksa saking wêwarah | dêdunungan kawruh utamaning urip | rumêksaning bêbaya ||
01.04 drênging cipta dènira marsudi | mrih carita lêlakoning kuna | kang tuhu ana kadadèn | tinulad tuladha wus | kuna-kuna prapta samangkin | tan tinggal kang lupiya | ywa kongsi kalèru | purwa madya lan wasana | dêdalaning lêlakon mamrih basuki | tan lyan prayitnèng driya ||
01.05 ambêg santa paramartèng budi | budayaning sêdya mrih utama | andhap asor ing tanduke | datan kêdah gumunggung | analăngsa maring [6: ma...ring] Hyang Widhi | among miwah rumêksa | maring janma sagung | pirabara têtulunga | kacingkrangan lair batine sakèhing | janma mudha lan papa ||
01.06 kawuwusa caritaning nguni | jamanira karaton Mataram | duk nuju ing jumênênge | Sang Prabu Sultan Agung | kang ngadhaton nagri Mantawis | anèng caritanira | têdhaking aluhung | dhêdhukuh desa Miyana | kakang adhi kang sêpuh dadya pawèstri | wahdat datanpa krama ||
01.07 mung sinêbut Miyana Nyiai | kang taruna priya parabira | Sèh Jangkung wus krama mangke | pêputra juga jalu | sinung wasta Momok kang siwi | garwa kadang priyăngga | Pakeringan dhusun | tan lami garwa palastra | duk wayahe Ki Jaka Momok sinapih | karya sungkawèng driya ||
01.08 saking sruning duhkita ing galih | putranira tinilar lêlana | mring bakyu tinitipake | mangetan purugipun | mung ambêkta pêksi satunggil | kitiran kang rinênan | milalu ngalangut | gangsal wulan laminira | anèng Rêmbang dènnya jajah nulya bali | tigang wulan wus prapta ||
01.09 sakiduling nagari ing Pathi | sêngsêm mulat anèng ngara-ara | rajakaya pangonane | kathah ingkang kadulu | lare angèn maesa sapi | sinambi dêdolanan | lawan rowangipun | kongsi bubaring pangenan | dènnya lungguh Sèh Jangkung nèng ngisor ringin | katungkul kadya nendra ||
01.10 munggèng sela kumalasa langking | karêrantan sajroning wardaya | èngêt sagung [7] lêlakone | kongsi mandhuh[2] jro kalbu | dadya gambuh pamawas batin | anandhang runing driya | kacakup kawêngku | kawasa birat kang rasa | sangsaraning wardaya ingkang pinusthi | wus babar paripurna ||
1 dari 88

 


Tanggal: Kêmis Paing lima (5) Sapar Jimawal: nunggal rasa ngèsthi gêsang (AJ 1861). Tanggal Masehi: Kamis 3 Juli 1930. (kembali)
§ mandhuh = jêdhug. (kembali)