Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 57
1 dari 241
1–10 dari 2.402
1. Dhandhanggula
01.001 amurwani jumênêng sang aji | Sultan Pajang nyarêngi sedanya | lan Jêng Sultan Dêmak mangke | tri nis mănca bumiku |[1] putrèng Dêmak jalu kinardi | natèng mukmin anama | Sunan Prawatèku | waruju binêktèng Pajang | wus tinanêm anèng Madiun nagari | punika cinarita ||
01.002 pusaka dalêm wus dèn bêktani | maring Pajang tan ana malanga | samya jrih mring sang pamase | pinasthi gênti pulung | suyud sagung punggawa mantri | Ki Mas Mănca kinarya | patih ajêjuluk | Dipati Măncanagara | ababêngkok salêksa nêm èwu nênggih | Wuragil lan Ki Wila ||
01.003 pan kinarya bupati jro sami | pan Ki Wila nama Wilamarta | gangsal èwu lêlungguhe | Ki Buyut Banyubiru | pan lêstari pinundhi-pundhi | lan Ki Buyut Majasta | samya pinisêpuh | Ki Agêng Butuh punika | putranira kalêbu santanèng aji | apan pinaring nama ||
01.004 Pangeran Jênar wastanirèki | kutha Pajang sangsaya raharja | kèringan wingit prajane | tulya sri kang wêwangun | kutha kojor kukuh miranti | sakèthènge majupat | sinungan manguntur | ginapura kuthagara | pêpanggungan munggul rinêngga tulya sri | tuhu datanpa sama ||
01.005 kunêng ingkang kawuwusa malih | putranira Ki Agêng ing Sela | Ki Agêng Ênis wastane | kalawan putranipun | asuwita ing Pajang sami | antuk sih kinakadang | sarta tunggil guru | ya ta nalika samana | Kyagêng Ênis kinarya pradikan mangkin | marang Sang Natèng Pajang ||
01.006 sinung dhukuh ing Nglawiyan nênggih | wus anama Ki Agêng Nglawiyan | tinuwa-tuwa ing ngakèh | kêkalih putranipun | sami jalu pupon satunggil | kadangira nak-sanak | ingkang darbe sunu [1: 2] | Ki Gêdhe Ngêrang punika | alit mila kinadang-kadang kinathik | lawan atmajanira ||
01.007 ingkang anama Ki Mas Pênjawi | kakang adhi lan Ki Pamanahan | putra Kyagêng Ênis dhewe | antuk pangwulanipun | dening kangjêng sri narapati | kalangkung pinarcaya | ing karyèng pakewuh | kinarya gêdhig manggala | kalihira asisihan lan Pênjawi | sira Ki Pamanahan ||
01.008 karo iku kalangkung kinathik | Ki Pênjawi lawan Pamanahan | wong tamtama lêlurahe | angrèh wong kawan atus | pêpilihan prawirèng wèsthi | samya suyud sadaya | mangkana winuwus | Pamanahan apêputra | pambayune Ki Mas Danang kang wêwangi | pinundhut ing sang nata ||
01.009 apan kinarya lanjarannèki | rèhning sang prabu dèrèng pêputra | pan kinarya panutane | dyan putra dumalundung | myang warnane bagus mantêsi | mirib lawan sang nata | solah-bawanipun | wanèh lan rama pribadya | sri narendra kalangkung asihirèki | mring putra Radèn Jaka ||
01.010 pan ingugung sakarsanirèki | tan pinalang myang rarêngganira | kadya putra satuhune | mangkana kang winuwus | pan pangeran ing Jipang mangkin | lami-lami sangsaya | agêng manahipun | alumuh seba mring Pajang | anggêguru mring Susunan Kudus mangkin | langkung sumungkêmira ||
1 dari 241

 


Tanggal: tri nis mănca bumiku (S 1503). Tahun Masehi: 1581–2. (kembali)