Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 6
1 dari 86
1–10 dari 852
1. Asmaradana
1.001 ya ta kawarnaa malih | Ki Tumênggung Jayaningrat | ingkang baris Ngungarane | sampun amiyarsa warta | yèn wadya Kartasura | kang baris Dêmak kaburu | wiwah kang barisan Têgal ||
1.002 myang kang baris Lèpèntangi | kawarti sampun lumajar | marmane alit manahe | Ki Tumênggung Jayaningrat | sigra wau utusan | dhatêng ing Sêmarang gupuh | arine ingkang dinuta ||
1.003 pun Parudita namèki | sampun binêktanan surat | lumaksana ing lampahe | wus praptèng nagri Sêmarang | sowan ing Panêmbahan | Mandura tur surat gupuh | nuwala glis tinupiksa ||
1.004 kadhadha ungêling tulis | panêmbahan sigra sowan | dhatêng pasanggrahan age | tumundhuk ngarsèng narendra | matur ing naradipa | adhuh gusti sang sinuhun | kawula atur uninga ||
1.005 yèn abdi dalêm narpati | pun Tumêgung[1] Jayaningrat | kang baris nèng Ngungarane | kintun sêrat mring kawula | dene ingkang dinuta [2: dinu...ta] | pan kapêrnah arinipun | awasta Pusparudita ||
1.006 inggih ungêle kang tulis | apan ta pun Jayaningrat | ngaturkên pêjah gêsange | katura dhatêng panduka | pan sêdya sumawita | nanging ta kang dipun suwun | padhusunan ing Bahrawa ||
1.007 prakawis padhanging margi | sampun kuwatos sang nata | pun Jayaningrat warnine | apan ta têtiyang sabrang | akathah kang binêkta | angandika sang aprabu | sokur lamun mêngkonoa ||
1.008 kalangkung trustha kang galih | arum wijiling wacana | sun tarima panungkule | Si Tumênggung Jayaningrat | nanging desa Bahrawa | iku ewuh atiningsun | uwis sun karya ganjaran ||
1.009 marang ki besan Samawis | ya ta wau Ki Dipatya | Suradimênggala ture | lêhêng gusti pinaringna | inggih dhusun Bahrawa | rinojong saaturipun | pun Tumênggung Jayaningrat ||
1.010 pamrih kawula narpati | tulusa dadosa rowang | sang nata lêga galihe | malih ngandika sang nata | yayi mas ing Mandura | caraka tundhungên [3: tundhungê...n] mantuk | sadina mêngko mangkata ||
1 dari 86

 


Tumênggung. (kembali)