Tembang macapat

Gandrung Asmara, Padmasusastra, 1898, #209

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Gandrung Asmara, Padmasusastra, 1898, #209

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 11
1 dari 9
1–10 dari 87
1. Dhandhanggula
01.1 wijiling rèh siwayèng narpati | amangripta kintaki kidungan | kinarya panglipur tyase | ring tyas dahat wibuh[1] kung | amangun kung manggung gêng wingit | kinarya samudana | sêsêndhon sastranung | manungku ring cipta maya | kamayaning kiyaming nala maluyi | miyating cahya maya ||
01.2 ngayam-ayam kayuning tyas wadi | sru kayungyun mangayuning karsa | ywa kasuwèn antarane | ring dayitèng purarum | rumasuking dadya sawiji | wiji-wiji ring titah | titikaning ratu | runtuting pangupakara | karananing alin-alin aywa lali | lilaning rèh sudarma ||
01.3 marma maras-maras ing tyas tis-tis | yèn kadurus rêrasan mrih sasar | sapira rêmak-rêmpune | sapa baya kêtêmpuh | tarlyan amung kang karya tulis | dhuh babo muga-muga | Hyang Kang Maha [4] Luhur | mitulungana sakarsa | supayane tulusa mêngku jro puri | siniwi pra wanita ||
01.4 datan ana kang bakit[2] mong cèthi | tan lyan sira kusumaning pura | kang amomot monging pangrèh | kang magunggung pangugung | karya agung tyasing wadya lit | wicaksanèng sasmita | putusing rèh ayu | mung cacade gustiningwang | durung antuk timbangan rumêksèng puri | eman yèn tan tulusa ||
01.5 sapa baya kailangan gusti | tan lyan amung sang atmajèng nata | kang manggung cuwa driyane | ngulatana rong windu | măngsantuka kang mirib warni | amung pêpujaningwang | ratuning rum-arum | ratu-ratuning wanita | lan ratuning lêluwês jatmikèng èstri | tur bakit momong priya ||
01.6 miwah dadya têtumbaling nagri | têtambane margiyuh sapraja | dhuh gusti luntura tyase | aywa kongsi katlanjur | dhuh owêlên wadyanta sami | mênawa karusakan | sapa kang kêtêmpuh | datan lyan sira lan ingwang | pangèsthining wadyanta jalu [5: ja...lu] lan èstri | ywa kongsi mong asmara ||
01.7 bisikane sang prabu ing Dêmis (umum) | apan wus umum ingkang pawarta | gustiku lumuh dasihe | punapa ta saèstu | awacana durung kawijil (ngudarasa) | apa yêkti tan arsa | marang dasihipun | braja pangapit jajaran (panurung) | nora wurung dasihe kawêlas asih | pa sayoga kelangan ||
01.8 langkung arda panuwuning abdi | muga ana sêsunguting karsa | dhuh gustiningsun nah anggèr | parikan jayèng ranu (baya) | sapa baya kang wêlas asih | lamun ora anaa | sabdanta kang tuhu | têmah kalong kailangan | panuwune kawulanta siyang ratri | mung muga kalakona ||
2. Kinanthi
02.1 mung dadia kanthiningsun | dhuh gusti rêtnaning èstri | myang Hyang Hyanging jagad traya | musthikaning wanitadi | kumalaning sanagara | dununging tyas saprajadi ||
02.2 panuwune dasihipun | tulusa dadia abdi | ing dunya praptèng dêlahan | lêmpuyang [6: lêmpu...yang] awoh balimbing (warêsah) | aywa pisah salaminya | dasihe tan pêgat asih ||
1 dari 9

 


wimbuh. (kembali)
bangkit (dan di tempat lain). (kembali)