Tembang macapat

Gandrung Turida, Padmasusastra, 1898, #210

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Gandrung Turida, Padmasusastra, 1898, #210

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 4
1 dari 5
1–10 dari 41
1. Dhandhanggula
1.01 mêgap-mêgap kapêgataning sih | mêmanise wong nèng ngalam dunya | dinadak tanpa tinarèn | niayane Hyang Luhur | têka nora bêbeja dhihin | upama amangsita | bokmênawa ingsun | bisa barêng sanalika | dadi nora nana kang kari mlas-asih | nèng jagad tanpa timbang ||
1.02 mabisana basukining lalis | lêstarine sampurnèng kamuksan | mimbuhana darajate | si kulup ingkang kantun | lêstaria mêngku prajadi | muga aywa kacuwan | kadi awak ingsun | subkanahu wa tangala | aparinga rahmat marang anak mami | kulup pangran dipatya ||
1.03 dhuh woding tyas ingsun wong akuning | ingsun ora nusul mring dêlahan | nèng jagad akèh pêrlune | rumêksa anak putu | lan manungsa isining nagri | kabèh [22] tan ana rila | mungguh awak ingsun | yèn sumusula mring sira | apan lagi nglakoni karsaning Widhi | payo padha sewangan ||
1.04 apan tansah kawangwang nawêngi | adhuh gêndhuk salulut lan sira | paranbaya têtumbale | mari katonton iku | kulhu balik winaca kaping | satus mêksa katingal | mêmanis sirèku | dhuh Hyang Kang Murbèng Buwana | aparinga usadaning kawlas-asih | lêstarine mong praja ||
1.05 aywa mamang tyasira ta yayi | lamun ingsun tan èngêt mring sira | ananging mêngko kêpriye | dhawuhe Kangjêng Rasul | sarupane ulul amrihi | kudu têtêp ing iman | marmane riningsun | pakewuh têmên wak ingwang | ninggal sira tan bêtah manawung kingkin | tan arsa dhahar nendra ||
1.06 yèn katlanjur gon ingsun mong kingkin | lêsu lupa rasaning sarira | tan bisa manglawaning rèh | ing praja têmah kusut | kasatmata nora prayogi | tis-tis atining wadya | yèn mulat sun gandrung [23] | adrênging tyas ingsun iya | nambadani karêping wong sanagari | ri ari misih brănta ||
1.07 tistis atis sapraja prihatin | gêtêring tyas trêsnane mring sira | kalaban kasusilane | pantês patut dinulu | lêlayanan lan ingsun yayi | kayungyun wong sapraja | pantêse riningsun | dadi sorining narendra | ya pagene biyangne si kulup iki | têka aninggal garwa ||
1.08 ingsun tuhu asih dunyèng akir | têka kolu aninggal maringwang | kari nèng dunya kapriye | rabi wis nora payu | narimaa wak ingsun iki | ewuh lamun narendra | tanpa timbang iku | dhuh gusti sira mangsita | sapa ingkang winahyu sagung pawèstri | dadi timbangan ingwang ||
1.09 wus prajanji lamun sira yayi | besuk ngumpul praptaning kamuksan | nanging ta ngantia mangke | nèng bukit betal makmur | iya iku sasanèng urip | kang langgêng nora owah | besuk ingsun nusul | angumpul dadi sajuga | dadi [24: da...di] purna mulih rahsanirèng Widhi | tata asmarèng nata ||
1.10 kadi madu luluh mulêt ati | lêlakone gon ingsun mong rimang | tansah kacuwan kêpriye | lêhêning tyas margiyuh | yayah ngayuh milya kang lalis | lês-lêsan driya lêsah | susah sungsun timbun | sambekala kèh anggodha | mêdhar kata lir kataman hru kang lungit | kongkale ciptamaya ||
1 dari 5