Tembang macapat

Wulang Rajaputra, Padmasusastra, 1898, #211

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wulang Rajaputra, Padmasusastra, 1898, #211

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 13
1 dari 12
1–10 dari 117
1. Dhandhanggula
01.01 ari Sukra sang nata tan mijil | mring udyana nèng praja karsanya | angajar prajurit mangke | kang maksih samya kidhung | nandhang karbin durung binangkit | kakuning asta pada | nut kumêndhiripun | pêtis tikta sing bênggala (candu) | misih kidhung sarandune ajar karbin | mila pinêlak-pêlak ||
01.02 pan wus parêk pakaryan ing mangkin | panjênêngan taunanira sang | lan pêrlu badhe Islame | risang atmajèng ratu | para wadya ingkang majibi | pakaryane pininta | dunung-dunungipun | sang dwija mantri mranata | marang wadya Surakarta amiranti | mring wajibe priyangga ||
01.03 aywa kusut tiningalan benjing | pakurmatan risang narpaputra | mring janma liyan prajane | mila pirantinipun | maligendah sasanèng supit | rineka pindha grija | kang lêwih nagri rum [33] | gapura ingukir pelag | lung oranyê linuding sêsungging wilis | pinrada sawatara ||
01.04 wus misuwur mring liyan nagari | benjang karyane sang narpaputra | ing taun Alip tamtune | mila tyase pra wadu | myang nakoda băngsa lyan sami | samêkta mèt dagangan | rame rêbut dhucung | mêmilih kang endah-endah | cipta payu adate tikêl kang bathi | mênthêl asimpên arta ||
01.05 têtela yèn gampang mamrih picis | nagri Surakarta wus kasusra | wong dagang mêsthi payone | supênuh isinipun | jroning praja myang desa sami | lyan băngsa samya krasan | wismèng dhusun-dhusun | gampang mèt pangupajiwa | tata têntrêm dursila mirut awingwrin | saking marmaning Suksma ||
01.06 pan sinuksma ing saari ratri | mring Sang Mulki pakewuh ing jaman | wadya manut ing sapangrèh | sambada wadananu | nambadani karsèng narpati | pratiwa sagotranya | sumungku samyanut | mring sang dwija mantri samya | ulah [34] praja mrih utama mêmayu mring | jrajadi[1] lêstarinya ||
01.07 lêstarinya pinuja pinundhi | sri narendra trahing Ngèksigănda | marang wadya salamine | dadya pandam pangau- | baning wadya jalu lan èstri | lumunturing utama | risang narpasunu | lir rama sang narpa dibya | santosèng tyas tan ana wadya kêkasih | rata pininta-pinta ||
01.08 titi tètèh têtela tinali | lêlabuhan lêluharing[2] kuna | kakênan kabudayane | tinimbang tumrapipun | lan kang kanggo ing zaman mangkin | kinira sinuksmèng tyas | lan tarining kayun | ngayomana ing sapraja | pamudyamba dhuh gusti sang narpasiwi | ngadila lir sri nata ||
2. Sinom
02.01 rèhning ta maksih taruna | gustiku sang dibya pêkik | aywa karêm pêprênesan | kang tan pantês dèn lakoni | sayogyane angathik | wadya kang utamèng kewuh | pininta wulangira | lêlabuhaning narpati | kang utama pangrêksaning praja wirya ||
02.02 supaya [35] katularana | darajating narapati | kang sinihan ing Hyang Suksma | lir Jêng Sultan Agung nguni | lan sayogyane gusti | ywa pisah lan rama prabu | supaya uningaa | pakaryaning narapati | dadi nora kidhung lamun ana karya ||
1 dari 12

 


prajadi. (kembali)
lêluhuring. (kembali)