Tembang macapat

Wulang Rèh, Kulawarga Bratakesawa, 1960, #213

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wulang Rèh, Kulawarga Bratakesawa, 1960, #213

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 13
1 dari 29
1–10 dari 283
1. Dhandhanggula
01.01 pamêdhare wasitaning ati | cumanthaka aniru pujangga | dahat mudha ing batine | nanging kêdah ginunggung | tan wruh lamun akèh ngèsêmi | amêksa angrumpaka | basa kang kalantur | tutur kang katula-tula | tinalatèn rinuruh kalawan ririh | mrih padhanging sasmita ||
01.02 sasmitaning ngaurip puniki | mapan ewuh yèn nora wêruha | tan jumênêng ing uripe | akèh kang ngaku-aku | pangrasane sampun udani | tur durung wruh ing rasa | rasa kang satuhu | rasaning rasa punika | upayanên darapon sampurna ugi | ing kauripanira ||
01.03 jroning Kuran nggoning rasa yêkti | nanging ta pilih ingkang uninga | kajaba lawan tuduhe | nora kêna dèn awur | ing satêmah nora pinanggih | mundhak katalanjukan | têmah sasar-susur | yèn sira ayun waskitha | sampurnane ing badanira puniki | sira anggêgurua ||
01.04 nanging yèn sira nggêguru kaki | amiliha manungsa kang nyata | ingkang bêcik martabate | sarta kang wruh ing kukum | kang ngibadah lan kang wirangi | sukur olèh wong tapa | ingkang wus amungkul | tan mikir pawèwèhing lyan | iku pantês sira guronana kaki | sartane kawruhana ||
01.05 lamun ana wong micarèng ngèlmi | tan mupakat ing patang prakara | aja sira age-age | anganggêp nyatanipun | saringana dipun barêsih | limbangên lan kang patang | prakara karuhun | dalil kadis lan ijêmak | lan kiyase papat iku salah siji | anaa kang mupakat ||
01.06 ana uga kêna dèn antêpi | yèn ucul saking patang prakara | nora enak lêgêtane | tan wurung tinggal wêktu | panganggêpe wus angêngkoki | aja kudu sêmbahyang | wus salat katèngsun | banjure mbuwang sarengat | batal karam nora nganggo dèn rawati | bubrah sakèhing tata ||
01.07 angèl têmên ing jaman samangkin | ingkang pantês kêna ginuronan | akèh wong jaja ngèlmune | lan arang ingkang manut | yèn wong ngèlmu ingkang [6] nêtêpi | ing panggawening sarak | dèn arani luput | nanging ta asêsênêngan | nora kêna dèn wor kêkarêpannèki | pêpancène priyangga ||
01.08 ingkang lumrah ing mangsa puniki | mapan ki guru kang golèk sabat | tuhu kuwalik karêpe | kang wis lumrah karuhun | jaman kuna mapan ki murid | ingkang padha ngupaya | kudu anggêguru | ing mêngko iki ta nora | kyai guru naruthuk ngupaya murid | dadia kanthinira ||
2. Kinanthi
02.01 padha gulangên ing kalbu | ing sasmita amrih lantip | aja pijêr mangan nendra | ing kaprawiran dèn kèsthi | pêsunên sariranira | sudanên dhahar lan guling ||
02.02 dadia lakunirèku | cêgah dhahar lawan guling | lan aja asukan-sukan | anganggoa sawatawis | ala watêke wong suka | nyuda prayitna ing batin ||
1 dari 29