Tembang macapat

Wulang Punggawa, Padmasusastra, 1898, #217

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wulang Punggawa, Padmasusastra, 1898, #217

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 6
1 dari 8
1–10 dari 73
1. Asmaradana
1.01 kasmaran jêng sri bupati | ingkang lagya mangun suka | nèng Langênarja karsane | animbali wadyanira | lêlangên Jêng Pangeran | Prangwadana[1] kèhe catur | wuta bucu wujil dhêngkak ||
1.02 pêrlu mung kinèn cariwis | carita kang mamrih suka | kăndha dongèng saelinge | lalu rong ratri tan nendra | dadi sayahing mata | lêr-lêran pijêr angantuk | mata dhèmpèt dhasar picak ||
1.03 naracak sugih mangêrti | jêr ta wis lawas ginulang | mring gustine kang wus layon | dhasar wasis pramèng sastra | prawira wicaksana | dhèmês luwês mamrih sarju- | ning kadang mitra wandawa ||
1.04 drawaya amaring siwi | kang ing mangke winisudha | labuhan mrih utamane | ginupita [174] nèng padesan | ran-urane wong wuta | mung karya pangemut-emut | sukaning tyas sri narendra ||
1.05 nalika ri Dite kaping | salikur wulan lumakya | Byalakir Alip taune | sinêngkalan nyata mulya | saliraning sujanma |[2][3] wuta wujil dhêngkak bucu | antuk sihirèng sarkara ||
2. Dhandhanggula
2.01 widadaning carita ginupit | sri narendra dènnya mangun suka | nèng Langênarja ri Dite | tri latri lamun dalu | amirsakkên dongènging janmi | catur bucu myang picak | karya sêngsêm sagung | wadya ingkang samya seba | byar raina kasukan angabên kambing | lan wraha gantya-gantya ||
2.02 malême Soma gantya nambungi | dipradikan dalu dêrês kitab | tapsir lan pêkih wastane | kèh misil sah ing kawruh | angawruhi sucining ati | sarira batal kharam | najis miwah mêkruh | tartip têtêpe wong salat | pinrih jumbuh mokaranah lawan takbir | ekrame kang sinêdya ||
2.03 lawan wajibe [175: waji...be] salakirabi | waris wasiyat utang-piutang | wong nyilih tan ngulihake | tanapi dol tinuku | têbas gadhe wêtuning bumi | iku ingkang rinasa | bêbênêranipun | pêkih pasal mungin rannya | kang linalar linulur amrih lêstari | nagara adilira ||
Amad Ilkam
2.04 kang piniji maca kitap[4] tapsir | abdi dalêm pradikan kang mulang | santri nèng Langênarjane | Amad Ilham ranipun | dhasar punjul samaning kaji | marma piniji marang | kangjêng sang aprabu | sring dinangu babing rapal | lawan makna Ki Ilham dhasar mangêrti | condhong lan sri narendra ||
2.05 mula akèh murid para santri | saking mănca kayungyun mèt wulang | mring Amad Ilham kawruhe | sarèh pamulangipun | mamrih gampang ingkang nglakoni | winulang pinrih tuman | dènira mèt kawruh | tur koningan sri narendra | dadya mêmpêng pangajine para santri | pujine mrih katrima [176] ||
1 dari 8

 


§ (= MN V). (kembali)
§ = 1811. (kembali)
Tanggal: Dite (Ngahad) salikur (21) Byalakir (Rabingulakir ) Alip: nyata mulya saliraning sujanma (AJ 1811). Tanggal Masehi: Minggu 12 Maret 1882. (kembali)
kitab. (kembali)