Tembang macapat

Wulang Wanita, Padmasusastra, 1898, #218

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wulang Wanita, Padmasusastra, 1898, #218

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 4
1 dari 7
1–10 dari 63
1. Dhandhanggula
1.01 murwèng sarkara nata sung wangsit | mring sagunging wanita kang samya | winêngku marang priyane | kudu manut sakayun | ngayam-ayam karsaning laki | lêlèjêma mrih rêna | karanane iku | dadi jalaraning trêsna- | ning wong priya yayah guna lawan dhêsthi | pasthine mung elingan ||
1.02 aywa linglung lênglêng nora eling | lalu lina lêlabaning lara | badan tumêkèng atine | titi tan mikir wuruk | angrêrusak budi tan wêning | sangsaya mring sarira | ras-arasên nurut | wulanging bapa lan biyang | yêkti pantês tinurut jêr iku dadi | jalaraning tumitah ||
1.03 têtêpana tartamtuning èstri | pan pinêtri wêwadining badan | dadi tartip iku rane | tartip têgêse urut | runtut titis wajibing èstri | titis bênêr têgêsnya | nêring driya iku | ywa liya mring lakinira | rah-arahên [192: rah-arah...ên] ywa arda driya dèn manis | ulat wijiling sabda ||
1.04 dadi kanggo tinuruting laki | jêr ta sira miturut tur awas | marang karsaning lakine | nuraga dadi iku | marmaning Hyang asih mring dasih | sumingkir duka cipta | iku adatipun | labêt labuhaning kuna | kang kasusra wanita kanggo ing laki | yogya linaluria ||
1.05 myating solah myang karsaning laki | kira-kira mrih rêsêping karsa | dadi timbang mrih pêrlune | laki kongasing kalbu | bungah lengah-lèngèh kang èstri | tinurut kasêmbadan | tan cuwa tyasipun | lir taru katiban warsa | ngrêmbaka ron kêmbang pêntile andadi | têntrêm tan walang-driya ||
1.06 driyanira dèn têntrêm ywa gingsir | sarwa bisa wajibing wanita | mirantèni busanane | priya myang dhaharipun | ingkang dadi karêming laki | pinatut wayahira | sarapane esuk | têngange lan lingsir surya | têngah wêngi byar esuk sayoga salin | tan bosên mamrih lêjar [193] ||
1.07 jêr ta iku dudutaning pikir | dadi sumèh sêmune tan giras | têntrêm krasan nèng wismane | yêkti sira kang untung | tinunggonan nora ngêmbani | lamun sira sêmbada | sariranta iku | bêbrêsih wida myang sêkar | sawatara dadi panggugahing ati | lakinta nora kêmba ||
1.08 bisikane sang raja ing Dêmis (Prabu Umum) | pan wus umum sakèhing wanita | gung nêpsu cupêt budine | lalèn dhêmên ginunggung | nora ketung bayar rong ringgit | janjine ana ujar | ngrika wontên dhukun | bisa nyarati wanita | jambe suruh saranane kanggwèng laki | ginugu tan tinimbang ||
1.09 mula akèh wanita yèn laki | pitung dina branane wus bebas | pinunjungkên mring dhukune | tombok darbèking kakung | busanadi prabot anangkil | konangan jinêmalan | tur sudasihipun | awak lêsah ati susah | tan tinulung mring lakine muring-muring | gêring cêkèk dadakan ||
1.10 ngagak-agak sêbute dharindhil [194] | iya talah nora kaya ingwang | têka dadine mangkene | parikan pantèk kayu (paju) | ulêr siti kang măngsa sikil (rang) | majwèwuh mundur wirang- | nging wus watakipun | wanodya yèn lagi susah | tansah katon bapa biyung dèn aturi | pae yèn kanggwèng krama ||
1 dari 7