Tembang macapat

Căndrarini, Padmasusastra, 1898, #219

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Căndrarini, Padmasusastra, 1898, #219

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 9
1 dari 12
1–10 dari 113
1. Sinom
1.01 kang agnya gita sri nata | ing Surakarta nagari | Pakubuwana ping sanga | mangun wasitaning èstri | ingkang cinitrèng ari | Rêspati tanggal ping pitu | Jumadilakir wulan | kanêm Be sangkalèng warsi | piyarsakna trusing kang sabda narendra |[1][2]|
1.02 liring kang wiyata arja | ujar ugêring pawèstri | kang winayuh dènnya krama | yogya ngupakarèng dhiri | majrênih mardiwèni | wiwida gănda rum-arum | rumarah ngadi warna | winoring naya mêmanis | mangèsthia ing rèh cumondhonging karsa ||
1.03 awit jênênging wanodya | pêgat dènnya palakrami | nistha nir kadarmanira | wigar dènira dumadi | sami lan manguntèki | kang badhar subratanipun | punggêl kasêlan cipta | marma sagunging pawèstri | marsudia widadaning palakrama [208] ||
1.04 dèn kadi duk jaman purwa | garwanta Sang Pandhusiwi | kang kocap layang wiwaha | lêlima ayu linuwih | tiga putrining aji | kang kalih atmajèng wiku | pantês dadya tuladha | èstri kang kanggêping krami | winursita dyah lima candraning warna ||
Soembodro
1.05 kang sêpuh Wara Sumbadra | saking Mandura nagari | atmaja Sri Basudewa | ing warna ngrêsêpkên ati | sumèh kang netra lindri | pasaja ing driya tangguh | sêmu kurang budaya | awijang dêdêg rêspati | kuning wênês labête amung kêpama ||
1.06 tan pati ngadi busana | mangu kadung yèn lumaris | jêtmika arang ngandika | tan rêgu sêmune manis | lirih tanduking angling | lumuh ing wicara sêndhu | amot mêngku aksama | tuhune pribadi pinrih | sêtyèng priya datan lênggana sakarsa ||
1.07 mring maru kadi sudara | rumêsêp tan walang-ati | sanadyan kurang budaya | lêgawa anrusing batin [209] | winongwong widadari | labêt kadangira Wisnu | marma Sang Dananjaya | pamêngkune sêmu ering | marunira anggêpe sami nyuwita ||
1.08 myang raka Sri Baladewa | miwah Prabu Harimurti | kalangkung ing trêsnanira | marang Dyah Banoncinawi | kadang èstri satunggil | kapisah panggenanipun | mila tansah anduta | wau sang narendra kalih | tanya warta mring Sang Rêtna Madubrănta ||
2. Dhandhanggula
Manohoro
2.01 garwa ingkang panênggak winarni | apêparab Dèwi Manohara | saking pratapan wijile | putranira sang wiku | Manikhara ingkang palinggih | wukir tirta kawama | ing warna pinunjul | kadi gambar wêwangunan | netra jait antêng pamulune manis | yèn paès wimbuh endah ||
2.02 nadyan ngusut yêkti maksih manis | wănda luruh kang bau awijang | maya-maya sawangane | amardapa ngênguwung | kuning wênês masêmu wilis | lir Hyang pudhak sinurat [210] | katon warnanipun | tan pae pêpindhanira | ăndakara katawêng ima manipis | rumamyang amradipta ||
1 dari 12

 


§ = 1796 [sic]. (kembali)
Tanggal: Rêspati (Kêmis) pitu (7) Jumadilakir Be: piyarsakna trusing kang sabda narendra (AJ 1792). Tanggal Masehi: Kamis 19 November 1863. (kembali)