Tembang macapat

Dongèng Cêkruk Truna, Anonim, akhir abad ke-19, #221

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Dongèng Cêkruk Truna, Anonim, akhir abad ke-19, #221

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 11
1 dari 35
1–10 dari 342
1. Asmaradana
01.01 wontên sujanma sawiji | lola tanpa babu bapa | Cêkruk Truna panêngrane | ngumurnya salawe warsa | dêdêg sêdhêng pidêksa | sarwa santosa liripun | nanging bodho nora sastra ||
01.02 dènnya tinilar ing bibi | lagya ngumur wolung warsa | datan antara lamine | saking bapa biyung ajal | uripnya Cêkruk Truna | sasirnaning bapa biyung | pinupu dening tatăngga ||
01.03 sinung boga wastra tuwin | pinardi ing tatakrama | ing padesan pratikêle | cara-carane cinakra | patitis têtela trang | têtela lêlantèh dhusun | dhasar pasanging graita ||
01.04 lantip trusing [2] budi mingis | kira-kira karacutan | tan timbang lawan wujude | tapsilaning kasusilan | labêt nèng pangengeran | mangarah sambunging umur | urip ngarêp-arêp pangan ||
01.05 salaminira prihatin | Cêkruk Truna nora êsah | mingis ngisis graitane | anitèni lêlampahan- | ning wong tumitah gêsang | tinutuh kang nora patut | tan tinut mamrih budyarja ||
01.06 jêjarwa jarwaning urip | lêlakon dadi piwulang | Cêkruk Truna watêkane | yèn ngèngèr sêsasi lunga | nêm dina pitung dina | kongsi umur slawe taun | mubêng têpung tanah Jawa ||
01.07 angèngèr sudagar santri | priyayi tani ing desa | wus mangkono salamine | nora wêkêl ing pakaryan | bocah tumêkèng tuwa | lah iku rupaning punggung | ginunggung janma utama ||
01.08 ngalor ngidul wus tinampik | judhêg tan antuk bandara | iku labête wong cak-cèk | kinacèk samèng tumitah | jêmbarkên [3: jêmbarkê...n] laku ala | kasup sinuksma nèng tutur | tinutur sasat sêtatblat ||
01.09 dadya Cêkruk Truna ngênting | putusing nalar nalirah | ngarah-arah sadurunge | nganggit-anggit ngrekadaya | mubêng jangkaning nala | tanpa jinangkah ing laku | kukuh karoban ing ala ||
01.10 nalare putus tur titis | tatas pasanging pandaya | dhasare wong rada kêsèt | kusut yèn mulat ing kasap | iku Ki Cêkruk Truna | nanging padha-padha busuk | sabên dina pasang cipta ||
1 dari 35