Tembang macapat

Supit Dalêm Amêngkunagara V, Padmasusastra, 1899, #32

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Supit Dalêm Amêngkunagara V, Padmasusastra, 1899, #32

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 33
1 dari 99
1–10 dari 983
1. Sinom
01.01 murwaka sêkar sri nata | nêtêsing kata kinapti | nupta samapta mangripta | agnyaning sang inastuti | satata pinarinci | wijanging kata jinujut | mojud dèn ajap pêncar | mancur pancêre tan cicir | ngoncèr ngronce cara caranging carita ||
01.02 mardi mardawaèng basa | sabisananing alêwih | lêluwang sadu sudibya | sang para paramèng kawi | kawilêt lukita di | ngilut miluta linulut | mulêt lumêkêt sida | sinidi sêdya dinadi | dining kanang kaonang-onang ing jana ||
01.03 anèng anunging manungsa | sang sudarsana ngayomi | winayang musthika maya | muyêk sangkayaning yakti | tinayuh sri dumadi | kinudang-kudang tarkadung | kadungkap kang rinaras | rêrasanirèng praja di | nagara gung Surakarta Adiningrat ||
01.04 ing măngsa nalikanira | panjênênganing narpati | Pakubuwana ping sanga | nugraha wahyu ngayomi | praptèng măngsa puniki | pan jumênêngira sampun | nênggih salikur warsa | lulus lêstari basuki | amêmayu rahayuning garwa putra ||
01.05 myang santana kawulendra | tan kurang kapara lêwih | kwèhning baksana busana | samya sumurup wong cilik | saprentahing nagari | nglakoni sawajibipun | rundha myang jaga marga | yèn dalu sarupaning ting | ting palêncar pinanjêr sawêngi pisan ||
01.06 tan karya sangsayèng [4] driya | padhang dhanganing lumaris | palarisan kinarakal | karikil uruging margi | pinggir kinalèn mili | ilining toya tan ruruh | ing lurung-lurung larang | larah baladhêring siti | ing satindak karisik rêsik adhahas ||
01.07 tan luluh gêlênging kisma | sanadyan mangsaning riris | ginarap pinardi yoga | kinirih kêmbonging warih | lamun ing măngsa katri | maruta kang nêmpuh lêbu | malêdug ambèr ambyar | linêban kinèn nyirami | dening para ing mong wisma pakampungan ||
01.08 binage bageanira | sabubuhannya pribadi | winaratan amèt toya | ginêmbor ambaning margi | mangkana ing salami | sêlaning karya tinamtu | têtêp kang manakawan | ngapêdhak miwah makathik | sarupaning janma kang nora ngawula ||
01.09 samya sêngkut ngupa jiwa | sakuwasane ing kardi | panggaotan warna-warna | sanajan manjak ngajoni | arang tan sudi kardi | mangkono lêgêtanipun | iya măngsa punika | ngrêmbaka arjaning nagri | amêpêki rupaning barang tinumbas ||
01.10 kwèh bangsaning bêbêlingan | lan sêsotya rajapèni | wêtoning praja mya liyan | guru-bakal guru-dadi | nakoda samya prapti | wêwade daganganipun | ginêlar ngandhar-andhar | ambukak toko rut margi | katrêm padha karasan tan arsa lunga ||
1 dari 99