Tembang macapat

Rama, H. Buning, 1921, #435

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Rama, H. Buning, 1921, #435

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 91
1 dari 286
1–10 dari 2.852
1. Dhandhanggula
01.01 jam asthenjang ari Sukra Manis | tanggal sapisan ing wulan Rajap | Alip kulangkir lambange | kasanga mangsanipun | wuku warigagung wus akir | nuju windu sêngara | angkaning kang taun | sèwu wolung atus lawan | sèkêt juga miwiti anêdhak sungging |[1] sêrat sambêtanira ||
01.02 Lokapala kang măngka rêngganing | pananggalan ing Ngayugyakarta | kang sampun winêdalake | ping tigang dasa wolu | dening toko Tuwan H Buning | kang mangkonèku dadya | ing pratandhanipun | majênge kang pananggalan | dene sêrat sambêtan dipun wastani | Sêrat Ramawijaya ||
01.03 amangsuli carita ingkang wis | duk bêdhahe nagari Ngayudya | kabrokan diyu wadyane | Dasamuka Sang Prabu | ing Ngalêngka kang jayèng bumi | pra dipati Ngayudya | bubar amalêdug | samya ngungsi marang wana | gunung-gunung kèbêkan wadya [4] lit-alit | giris mulat mring ditya ||
01.04 saungkure Sang Rawana Aji | laju gitik marang ing Kaendran | kêbut sawadyabalane | tan wontên ingkang kantun | ing wuri kang gumantya aji | Rahadyan Dasarata | dene Sang Aprabu | Banaputra kang wus lena | datan darbe putra kakung mung pawèstri | ran Dèwi Sukasalya ||
01.05 langkung endah citrane sang dèwi | ngasorakên apsari suwarga | siji tan ana iribe | wus ginarwa Sang Prabu | Dasarata minăngka padmi | suyut wong sanagara | sing prabawèng prabu | winongwong dening jawata | têmah wadya Ngayudya samya wêdyasih | sumungku ring narendra ||
01.06 ratu luwih kasusra ing bumi | awit saking kasujananira | anrus ing kasudarmane | lir pandhita linuhung | sumbagèng rat masthika manik | kathah kang para raja | kang sumiwi anut | anggêpe sami ambapa | datan kongsi pinukul saking ajurit | soring tyas kapandhitan [5] ||
01.07 waskitha mrih ing pati patitis | tan antara minge ring panyipta | wignya moring batharane | ing sanalika tan wus | amèngêti kongasing bumi | Sang Prabu Dasarata | sampêt tyas kaprabun | ingkang padmasari purna | amudhari yayah sasăngka dhadhari | mêmangun nuluhi ngrat ||
01.08 tuwin tan anulak sri bupati | mring samoaning janma kang nêdya | sru niti parikrama rèh | tanpa sisihan nulus | dènnya sangêt agung sêmadi | srunya sihing bathara | nityasa manêkung | dera mrih arjèng kanang rat | tan amrih ayuning kaprabon pribadi | Sri Maha Dasarata ||
01.09 puja mantranira anêtêpi | sarta sihing mangkadeya warga | pinrih ywa dadya rêngate | mrih tyas kataman ayu | tuwin tabêting satru yêkti | ingakên tunggil darah | ing sakarsa sinung | nir kang tyas mawi sandeya | abipraya parênga rusakmutyaning | dènnyanggung tyas kadarman ||
01.10 soking driya ring panjinging kang sih | drêdyanira Prabu Dasarata [6: Dasara...ta] | tuwin yèn mawi danarèng | wadya ya akên jawuh | myang sêtya gêng mring siwi sori | marma prabu mangkana | pambêganira sru | kèh puruhitèng pandhita | dadya ing wasana rèh putus patitis | rêksakaning kanang rat ||
1 dari 286

 


Tanggal: Sukra Manis (Jumungah Lêgi) sapisan (1) Rajap (Rêjêb) Alip: sèwu wolung atus lawan sèkêt juga (AJ 1851). Tanggal Masehi: Jumat 11 Maret 1921. (kembali)