Tembang macapat

Jiljalaha, H. Buning, c. 1920, #438

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Jiljalaha, H. Buning, c. 1920, #438

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 8
1 dari 16
1–10 dari 160
1. Dhandhanggula
1.01 kang sarkara pinurwèng sastra di | awit ingkang asma Sang Pandhita | Jajalanat sang kinaot | kang manggyan anèng gunung | Candhi Sèwu saha ngratoni | sakèhing para setan | tanapi lêlêmbut | samya ulah pangawikan | nadyan janma kang nêdya tanajul ngèlmi | samya sowan sang tapa ||
1.02 nging wus lami wulange jêng kyai | datan wontên purun ingkang buka | dadya mung sinimpên bae | sabab buku pinundhut | duk ing kuna mring Hyang Ijajil | dadya kang putra wayah | awis ingkang emut | nanging ta jaman ing mangkya | putra wayah kathah ingkang samya eling | manut mring kangjêng eyang ||
1.03 mangkya wontên wayah kang malêtik | mangun surat buku duk ing kuna | nging sastra jinarwakake | buku ingkang rumuhun | sastra durga basa Ijajil | ananging yèn manuta | pra wayah sadarum | sun duga tan ana bisa | mila mangke tinêmbungkên [4: tinê...mbungkên] basa Jawi | supadya wigya têrang ||
1.04 kutika bêrmulai têrtulis | padha ari Slasa tanggal ping pat | bulan Dulkijah taun Je | sêngkalanya yang taun | misih pake basa Ijajil | sengkok nèt kênthi warang | itu jugak turut | misih pake lètêr durga | cuba liat rupanya dhibawah ini | bukan têrlalu eram ||
1.05 awit pangandika Jêng Kiyai | Jajalanat mring kang putra wayah | adhuh anak putuningong | kang èstri miwah jalu | padha sira pyarsakna kaki | wulange eyangira | poma dèn kêcakup | nanging kang dhingin sun wulang | ingkang priya sarta kang wus antuk singgih | tatane wong nèng praja ||
1.06 yèn ta nuju sira tămpa dhuwit | saka Lănda banjur lakokêna | potang-potangêna kabèh | mring sakèhing kancamu | nanging aja sabên priyayi | mung kang tunggal wêdana | iku bae cukup | padha têbasên kang bayar | lakokêna nêmbêlasan wis prayogi [5] | sukur yèn olèh dinan ||
1.07 sarupiyah manak têlung dhuwit | sadinane iku kang utama | nanging aja lena anggèr | jaluka layang pêthuk | pratandhane kang utang sami | lan banjur sêksèkêna | mênyang wêdanamu | lan têpunga karo prentah | ingkang pancèn nyadhong bayar mênyang ngloji | akunên saudara ||
1.08 gula êtèh iku aja lali | pêndhak bayar bêcik anggawaa | yèn prentahe pancèn nyêrèt | bungah tukokna candu | bobot sigar rèk ora rugi | yèn sira tan mêngkana | mêsthi nora wurung | ing buri kakehan nalar | pês-apêse tarikamu diwêlani | mring priyayi kang utang ||
1.09 lan aja sok ngêcèh-êcèh dhuwit | ingkang pancèn tan ana pamrihnya | kaya ta nèk ana dhayoh | sabên pyayi disuguh | pêpanganan wedange kopi | iku karêbèn apa | sêtun nyuguh udut | iku yèn wis pancèn kamrat | kêjabane [6: kêja...bane] dhayoh angêtêri dhuwit | iku patut nyuguha ||
1.10 lawan aja sok ngênèhi dhuwit | nyang wong mlarat mundhak kêtularan | nadyan ta tanggamu anggèr | kalamun anjêjaluk | lênga tuwin sêga sathithik | ginawe dulang bocah | poma sira putu | wis aja korèwès pisan | iku ingkang dadi jalaran bilai | gombale anênular ||
1 dari 16