Tembang macapat

Tumurunipun Wijining Manungsa, H. Buning, c. 1920, #439

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Tumurunipun Wijining Manungsa, H. Buning, c. 1920, #439

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 3
1 dari 10
1–10 dari 94
1. Sinom
1.01 lir brataning rêksiwara | micara rèh sadu budi | marsudi mrih dipaning tyas | mêmèngêt mring pra taruni | wit jroning jaman mangkin | kèh rubeda sumarawung | yèn limut rasikèng tyas | korup mring rèh karya sisip | têmah sirna talêring titah utama ||
1.02 karana bedaning janma | lan sato-sato wanardi | tan lyan mung dènira darwa | gêgadhuhan ngakal budi | kang bangkit mahanani | bagya sangsayaning laku | yèn tilar laksitarja | mung anut napsuning ati | sèwu tuna nêmah kadi sato wana ||
1.03 mêneka riniptèng gita | gatine măngka pêpeling | lingga linggaring laksita | kang kelut nala kalêmpit | pètên yatnaning kapti | lupute ywa kongsi muput | wit sabdaning Hyang Suksma | nadyan kang tumibèng sisip | yèn nalăngsa sayêkti sinung aksama [4] ||
1.04 marma wajib umèngêta | wasitaning pra linuwih | kang wikan kamulanira | wijining manungsa jati | nguni wus darbe janji | prasetya maring Suksma Gung | jrone nèng janaloka | tan ngumbar ardaning kapti | kang tumuwuh panariking păncadriya ||
1.05 wruhanta ananing rahsa | nadyan kang kaliwat murni | yèn mung maligi kewala | yêkti tan bangkit nuwuhi | de dumadining wiji | saking paringing Hyang Agung | khakekat insaniyah | mangkana araning wiji | ing têgêse jati-jatining manungsa ||
1.06 yèku jiwaning sujanma | kang maksih kandhêg nèng margi | durung tutug lakunira | marêk mring Hyang Maha Sukci | maksih nèng ngalam gaip | ri sêdhêng pangayun-ayun | kayuyun mring ngayunan | nanging kapengining kapti | kang mangkana durung pasthi yèn sêmbada ||
1.07 karana kèh sambekala | sêsandhungan kang ngalangi | nèng kono ing sabên dina | sinung pèngêt mring Hyang Widhi | sabdane kang kawijil | ya alastu birobikum | mangkana wardinira [5] | hèh manungsa kang sajati | ingsun iki apa dudu Gustinira ||
1.08 nauri jiwani[1] janma | kolubala turirèki | têgêse inggih paduka | Pangeran ulun sajati | nuli samya tinari | dening Hyang Kang Murwèng Tuwuh | apa sumanggup sira | ingsun titahake malih | yèn kaduga janjia pitung prakara ||
1.09 kapisan yya limut sira | kalimput pijêr umèksi | mring rêrupane kawarna | tan miyat sarira mami | kapindho ayya lali | ngrungu pangandikaningsun | karana kuwur myarsa | mring sabawa lènirèki | kang ngalingi maring pangandikaningwang ||
1.10 kaping tri dèn mèngêt sira | anggănda sarira mami | yya limut pijêr anguswa | ing gănda liyanirèki | ping pat kudu ngicipi | rasaning sariraningsun | ayya pijêr mirasa | marang saniskarèng bukti | ping limane yya pisan katungkul sira ||
1 dari 10

 


jiwaning. (kembali)