Tembang macapat
Lêlana ing Ngakerat, Gêntha Kêkêlèng, 1925, #525
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Lêlana ing Ngakerat, Gêntha Kêkêlèng, 1925, #525
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 19
1 dari 62
1–10 dari 616
1. Dhandhanggula | |
01.01 | kadyangganing brêmara mangrêngih | duk mangarah maduning puspita | pipit kapêpêtan rone | tyas mangu kapirangu | merang mire mara mangungkih | kongkal rone kalingkap | kang sêkar sumawur | wor kisma datanpa karya | yayah kadi sêsawur dera murwani | carita duk ing kuna || |
01.02 | wontên sajuga ingkang winarni | buron alit sajroning samodra | kang wus siluman sipate | ing sajuga ri nuju | ngracut raga amindha janmi | sumêdya malbèng pasar | arsa non pangrungu | paran wartaning dharatan | jujug doning padhasaran ulam kali | kèh janma tan nglêgewa || |
01.03 | rikalane kang amindha janmi | parêk lawan wong roro nèng pasar | sapocapan lan rowange | mangkana wuwusipun | hèh kisanak kula yun uning | gonira antuk ulam | kathahe kalangkung | tikêl lawan lyaning janma | kadiparan pratikêle angupadi | kula arsa uninga || |
01.04 | kang tinanya anauri aris | dhuh sumitra kaote punapa | sami-sami misayane | amung prasajanipun | kula darbe mitra linuwih | ingkang tuhu waskitha | jêjuluke nujum | bangkit dhatêng pêpetangan | pundi ing don kang kathah minane uning | nadyan jroning samodra || |
01.05 | rowangira anambungi malih | dhuh kisanak bok ulun têtanya | nujum sintên jêjuluke | lan pundi dunungipun [1: 2] | dene nujum waskitha yêkti | kula arsa sumewa | aminta pangèstu | lamun ngangge ambêbêkta | lah punapa sarat masruting sumiwi | sampun kongsi kuciwa || |
01.06 | kang tinanya gantya anauri | mitra lamun sira atêtanya | dhatêng sang nujum asmane | kathah samya anêbut | panêmbahan miwah maharsi | Sang Rêsi Tirtamarta | dhepoking sang wiku | jroning Guwa Jatijajar | kang kaprênah lêngkèhing Arjuna wukir | dohe mung sawatara || |
01.07 | dene sarat masrut datan mawi | awit dening risang panêmbahan | kamantyan gung subratane | tan bukti datan minum | lamun nuju karsa abukti | godhong gudhe ginudhang | tanapi kinulub | unggyane nanêm priyangga | sigêg gatya[1] kocapa kang mindha janmi | wasta Kijing Wahana || |
01.08 | duk angrungu wicaraning janmi | kang kadyèku nulya gêgancangan | mantuk mring tasik dununge | arsa sumiwèng ngayun | nagaraja ingkang bêbisik | Risang Anantaboga | eca ngisis siyung | kagyat ana kijing prapta | kusung-kusung gumrêmêt sumiwèng ngarsi- | nira sang nagaraja || |
01.09 | nagaraja angandika aris | he he sira Si Kijing Wahana | apa sira karêpake | sumiwèng ngarsaningsun | kusung-kusung sêmu wigati | payo nuli matura | sun arsa angrungu | sigêgên Kijing Wahana | kang dinangu matur sarwi ngasih-asih | pukulun sarparaja || |
01.10 | ulun [1: 3: u...lun] arsa angunjuki uning | duk nalika ulun amanjanma | nèng pasar amirêngake | janma kêkalih sampun | paginêman lamun ing ardi | wasta ardi Arjuna | mangke wontên nujum | karan Rêsi Tirtamarta | juru petang kêsdik paningal nglangkungi | dadya pangungsèn janma || |
1 dari 62
1 | gantya. (kembali) |