Tembang macapat
Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 55
1 dari 257
1–10 dari 2.562
1. Asmarandana | |
01.001 | purwaning tyas nawung brangti | panêdhakirèng pustaka | Babad Mantaram karsane | anênggih Kangjêng Pangeran | Arya Cakradiningrat | jinugag panêdhakipun | nalika jumênêngira || |
01.002 | Sultan Ngalaga Mantawis | srat babad panêdhakira | anuju Sêtu dinane | ping slawe prah wulan Arwah | Ehe windu sangara | yèn ing surya mangsanipun | lagya rêndhênging kêsanga || |
01.003 | pawukonira nujoni | wuku gumbrêg măngsa dhêstha | pan maksih jaman wartane | sêngkalanira ingetang | nênggih sêngkêranira | dipăngga girining ratu |[1] nagari ing surakarta || |
01.004 | panêdhakirèng kintaki | babade nagri Mantaram | nalika pun jumênênge | Kangjêng Sultan ing Karapyak | kang sinêmbah Ngalaga | nêgih[2] nagari Mantarum | Kitha Agêng kadhatonnya || |
01.005 | sampun jumênêng narpati | ing Mantaram awibawa | mantri agung suyud kabèh | miwah ingkang kulawarga | tan wontên kang cawêngah | amung putra kang pambayun | ingkang cawêngah ing driya || |
01.006 | Adipati Pugêr nênggih | sadhèrèk pambayunira | Pangran Pugêr kang pangraos | kalamun nora sêmbada | anèng nagri Mantaram | sang nata alon amuwus | alah kaki Măndaraka || |
01.007 | kangjêng rama Mangkubumi | kadipundi karsa dika | dene pun kakang karsane | Pangeran Pugêr punika | sêdyane kakang êmas | kêdah jumênênga ratu | cêcangkok nagri priyăngga || |
01.008 | ing Dêmak dipun karsani | kêdah wisma anèng Dêmak | punika kangmas karsane | Pangran Mangkubumi ika | Dipati Măndaraka | ingkang prasami umatur | gih ki jêbèng atur ingwang || |
01.009 | pan tinurutan anênggih | sakarsane raka dika | samya tinantunan kabèh | wong agung kang tuwa-tuwa | prasami nulusêna | Pangeran Pugêr puniku | pantês têtandhon nagara [[2] 2] || |
01.010 | gancanging caritanèki | Pangeran Pugêr saksana | mring Dêmak wau karsane | nulya jumênêng dipatya | anèng nagari Dêmak | lan sakulawarganipun | wus jinunjung lungguhira || |
1 dari 257
1 | Tanggal: Sêtu slawe prah (24) Arwah (Ruwah) Ehe: sêngkêranira dipăngga girining ratu (AJ 1788). Tanggal Masehi: Sabtu 17 Maret 1860. (kembali) |
2 | nênggih. (kembali) |