Tembang macapat

Bima Bungkus, Mangunwijaya, 1921, #593

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Bima Bungkus, Mangunwijaya, 1921, #593

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 6
1 dari 22
1–10 dari 218
1. Dhandhanggula
1.01 pindha kang wus punjuling mêmanis | dènnya paksa mangikêt gitaya | tan mèngêt yèn nguni dèrèng | srawungan wiku putus | kang pinudyèng jana pinuji | ngijèni yasa darma | myang rèh susilayu | măngka witing rasa mulya | mrih tumangkar karya arsayèng dumadi | widagdèng tatakrama ||
1.02 marma tangèh sotaning tyas yêkti | yèn darbea cipta kang mangkana | wit tuna maniskarèng rèh | mila paksa mangapus | murwèng gita kinor kêkawin | lênging nala tan liyan | mung mrih darsanayu | yuwanane nungswa Jawa | kang kajarwa jroning jaman purwa nguni | ing pakêm padhalangan ||
1.03 mrih dadia kang têpa palupi | anglêluri lêluhur ing kuna | kênia kinarya tondhe | lêlakon duk ing dangu | kang tan yogya myang kang sayogi | dadia sudarsana | laksanèng tumuwuh | kang lulus budi raharja | tinulada sayêkti antuk basuki | kang ala tinêbihna ||
1.04 mangkya ingkang pinurwakèng ruwi | măngka jêjêr nagri Gajahoya | Arya Dhêstharata mangke | lênggah siniwèng sunu | Radên Jayapitana tuwin | Wrêsni Sang Arya Suman | mangkana winuwus | Arya Prabu Dhêstharata | tinon kadya dahat angêmu wiyadi | surêm sunaring netya ||
1.05 samantara angandika ririh | Arya Suman kang pinujwèng [4] sabda | hèh Sangkuni paran mangke | mungguh ing pamikirmu | bab putrane yayi narpati | kang mêtu bêbungkusan | wus antara dangu | sinetrèng Krêndhawahana | paran lamun sira nora padha mikir | wusananing laksana ||
1.06 Arya Suman lămba ing panampi | kaluhuran pangandikèng kaka | nanging rinta sang pamase | mangkya kèksi ing sêmu | kados sampun botên ginalih | dening mêgêlkên manah | bêbayi kang bungkus | arsa pinêcah tan kêna | sakathahing gêgaman pusakèng sang sri | tan wontên kang tumama ||
1.07 milanipun kalampahan mangkin | sinetrakkên mring Krêndhawahana | karsanipun sang pamase | mung pinrih sirnanipun | wit sêsuta tan limrah janmi | milanipun kakang mas | paduka tan parlu | tumut anggalih punika | Dyan Sang Arya Suyudana nambung angling | lêrês andika paman ||
1.08 pinikira yêkti tanpa kardi | wong sêsuta tan kaprah manungsa | lêrês kapurih sirnane | lan malih kang bêbungkus | bokmanawi tan isi bayi | baya mung isi sela | agung gumalundhung | mokal yèn isi manungsa | lamun isi manungsa yêkti wus kêni | pinêcah ing gêgaman ||
1.09 Dhêstharata mèsêm ngandika ris | sira karo padha katambuhan | ananing lêlakon kiye | kelokane dewa gung | sira padha nora mekani | sanadyan isi jabang | yèn dewa linuhung | anitah dibya wantala | sayêktine ya nora bêbakal kaki [5] | balik padha rasakna ||
1.10 ing samêngko bayi lagi lair | pan wus nora pasah ing gêgaman | saya besuk diwasane | iku kang ingsun rêmbug | Suyudana lawan Sangkuni | sarêng sami miyarsa | sabda kang kadyèku | karone wus samya nyandhak | karsanira Dhêstharata kang piningit | wusana Arya Suman ||
1 dari 22