Tembang macapat

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 5
1 dari 22
1–10 dari 216
1. Gambuh
1.01 tyas mirong murwèng gambuh | yayah roga tanposada tuhu | tangèh luwar saking maskating panyakit | malah kongsi sarwa kusut | kasat mata dadining don ||
1.02 dènira karya pemut | limuting tyas rare kang kalimput | lacut maring rèh sumirang murang niti | tan tan tuman amêmatuh | têmah lumaku ginuron ||
1.03 mangkana yogyanipun | tumulara sudarsana luhung | duk ing zaman kabudan kang dadya misil | kasusilaning tumuwuh | mèt saking rèh karahayon ||
1.04 lêlakon alok tuhu | caritaning nguni ana kutuk | rabi kênya winiwahèng narapati | purwakanira kasêbut | ing Sastra Wedha kinaot ||
1.05 Pustakaraja iku | nyaritakkên lêlakoning kutuk | zaman prajèng Wiratha kang madêg aji | Sang Basukeswara Prabu | kasub ing rat widagdèng don ||
1.06 andina-dina muhung | mèt martèng tyas anggung anênamur | kanthi wadya sawatara kang kinapti | samaptaning anênungku | pitêr pudya murwèng layon ||
1.07 samana duk anuju | anênamur maring lor praja gung | amung Arya Manungkara kang umiring | lan parpat ro kanthinipun | angampil tepak têmbako ||
1.08 praptèng marga lit iku | sêsimpangan kang maring desa gung | karajaning Wandasingha duk ing nguni | kahyanganira Hyang Wisnu | nalika warna harimo ||
1.09 prabu raryan ing ngriku | mulat ana wong papat lumaku | gêgancangan sarya tawan-tawan [2: ta...wan-tawan] tangis | ingandhêg samya dinangu | karananing rèh mangkono ||
1.10 ana ingkang sumaur | dhuh priyantun sampun arubiru | kang sayêkti lampah kawula puniki | gêgancangan arsa pangguh | kalawan lêlurah ingong ||
1 dari 22