Tembang macapat

Sitijênar, Tan Kun Swi, 1931, #794

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sitijênar, Tan Kun Swi, 1931, #794

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 6
1 dari 17
1–10 dari 167
1. Asmaradana[1]
1.01 sêngsêming tyas kumawa mrih | amanitrèng laku tama | dimèn antuk artining rèh | anglêluri jaman kuna | kênia winaspada | mamrih dadya jati tutur | dimèn wikan yakinira ||
1.02 mangkya kang pinurwèng ruwi | carita Sèh Siti Jênar | jinarwa jinèrèng manèh | mèt carita kang sawantah | saking srat Walisana | sanadyan ta nguni uwus | kèh sarjana kang ngrumpaka ||
1.03 tataning rèh Sèh Siti Brit | lir yasan sang kasusrèng rat | Ki Sasrawijaya Ngijon | dyan winangun malih marang | Kiyai Mangunwijaya |[2] ing kitha Wanarga dunung | ananging sajatinira ||
1.04 punika maksih nalisir | saking talêring ruwiya | dene ta ingkang sayêktos | mung kang kawrat Walisana | yasanira jêng sunan | ing Giri Gajah rumuhun | rikala candra sangkala ||
1.05 ing warsa Wawu winilis | pandhita misik sucèng tyas |[3][4] yeka ingkang salêrêse | nanging ta para sarjana | kang mêdhar caritanya | Sèh Siti Bang wali luhung | kadya kang kawahyèng ngarsa ||
1.06 yêktine ya wus udani | mangsa ta muta tulia | dene dènnya mêksa gèsèh | mung anjarag nawur wulang | wênganing tyas pra mudha [4] | karya sasandhaning wuruk | asasèndhèn wali tama ||
1.07 sinalinan solan-salin | salsilahe ngèlmu tama | dimèn mêmêt panggilute | marma dhuh para taruna | darbea tyas saranta | ywa kasusu mosra-masru | ngarani para sarjana ||
1.08 panganggite muta tuli | ngarang wuruk ngayawara | wêwarah tan sabênêre | dhuh anggèr aywa mangkana | yèn sira anungkara | pustaka yasèng pra luhung | jingglêngên surasanira ||
1.09 rasane lan rasa jati | patitisna kang sanyata | yèn wus antuk lan rasane | iku bae êmatêna | ywa mikir kang kinandha | nadyan dora lawan tuhu | jaragan dadi dongengan ||
1.10 kaya-kaya lakon ringgit | kang inganggit pra sujana | iku kabèh wus malèsèt | saking têtalêsing kuna | pêrlune mung kinarya | mèt balungan mrih linuhung | dènnyarsa mêlêng wêwulang ||
1 dari 17

 


Teks asli: Têmbang Asmaradana (semua nama tembang diawali dengan kata Têmbang). (kembali)
Lebih satu suku kata: Kyai Mangunwijaya. (kembali)
§ = (1457). (kembali)
Tanggal: Wawu: pandhita misik sucèng tyas (S 1457). Tahun Masehi: 1535–6. (kembali)